Mohon tunggu...
Kresno Aji
Kresno Aji Mohon Tunggu... Freelancer - Linux & LaTeX Specialist

Baru saja menyelesaikan S2.\r\nSuatu keinginan untuk menulis di bidang sosial budaya, terutama budaya Jawa. Analisa politik ditulis dalam bahasa Inggris.

Selanjutnya

Tutup

Sosbud

Ula Tunggon Ing Pasar Sukoharjo

15 Agustus 2014   15:05 Diperbarui: 18 Juni 2015   03:29 173
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Sosbud. Sumber ilustrasi: KOMPAS.com/Pesona Indonesia

Pemugaran ing sajrone pasar kutha Sukoharjo sak jan-jane wis wola-wali direncanakake, ning durung kelakon mbuh amarga kena sandhungan apa kurang dana. Nembe kelakon ing sajrone taun 2012, bebarengan karo pembangunan sawetara pasar-pasar tradhisional sa-Indonesia wektu kepungkur.

Saliyane minangka pasar tradhisional, papan iki uga dikanggokake minangka terminal angkota (angkutan umum perkotaan). Pasar Sukoharjo iki uwis madeg rikala sadurunge jaman kamardikane bangsa Indonesia, ning ya isih papan kang samadya, kanggo dol-tinukon biyasa. Nalikane sawise jaman kamardikan, banjur diresmekake karo Bung Karno minangka pasar gedhe ing tlatah Sukoharjo. Mula, jaman samono akeh warga kang banjur nyebut kanthi jeneng pasar Bung Karno. Nanging, atut karo jantraning jaman, pasar iki malih jeneng dadi pasar kutha Sukoharjo.

Ing dalem taun 2012, nalika rampung anggone nganakake revitalisasi pasar tradhisional maneh, Bupati Sukoharjo banjur mbalekake jeneng pasar iki kanthi sebutan pasar Ir. Soekarno. Anggone ngganti jeneng iki nalika ing wulan Juni, bebarengan karo dina kelairane Bung Karno.

Ana crita sing narik kawigatene para warga ing kana, nalika miwiti pambongkaran pasar. Nalikane nembe arep mbongkar pasar Sukoharjo iki, dumadakan katekan angin gedhe lan udan sindhung riwut kang mung dumadi ing sakupenge pasar iki. Dumadine udan sindhung riwut ini ndadekake sakabehe barang-barang dagangan, piranti dedagangan lan liya-liyane dadi bosah-baseh karana katerak angin kang gedhe banget. Malah, ujare sawijine ibu-ibu sing biyasa dititipi sepedhah montor, wit gedhe sing bakal ditegor dening pemboronge rubuh karepe dhewe.

Ora mung anane udan sindhung riwut kang teka nalikane pembongkaran pasar kawiwitan. Biyen, nalikane isih dadi pasar kutha, ing sajrone pasar iki ana wit ringin gedhe kang umure ana nek mung atusan taun wae. Ning nalikane arep kawiwitan renovasi pasar, dumadakan ora ana udan ora ana angin, wit ringin iki rubuh karepe dhewe. Kamangka ora ana tandha-tandhane menawa wit iki bakal mati, malah godhong-godhong lan pang-pang kang garing wae ora katon babar pisan.

Saliyane iku, ana sawijine crita kang gegayutan karo sawjine lurah pasar, ing kana. Nalika iku, dheweke bakal adol tanah kosong ing sapinggire kamar mandhi umum kang biyasa kanggo kaperluwane wong-wong kang arep bebuwang lan sesuci kanggo sembahyang ing mushola cedhak kana. Tanah kosong kang mung saukuran 1x2 iki biyasa kanggo ngaso sawetara tumrape para bakul apa dene wong-wong kang blanja ana kana, nalikane rampung sembahyang apa dene leren sawetara rampung dol-tinuku.

Sak jan-jane akeh sing menehi pamrayoga marang lurah pasar iki, supaya panggonan iku aja didol. Sak liyane kena kanggo ngaso para warga uga amarga tanah iki malati, ana sing nunggu. Nanging, amarga wis kadhung sulap marang anane dhuwit sagepok, pamrayogane para warga ora digubris babar pisan. Rumangsa minangka lurah pasar kang nduweni hak lan kuwasa ing kawasan kana, ndadekake lurah pasar iki dadi buta repan, senajan to kuwi tanahe negara dudu duweke dhewe.

Ndelalah kersane Gusti Allah, ora suwe lurah pasar kuwi dumadakan lara ora genah. Nalikane nembe turu ing sawijine wengi, rumangsane dheweke ditekani sawijine kaki-kaki kang menganggo jubah seta lan sorban. Kaki-kaki kuwi aweh pesen marang dheweke:

"Tanah kuwi dudu darbekmu kok arep kok adol kuwi karepmu piye? Apa kowe wis bosen urip to?" ujare kaki-kaki kuwi karo sereng.

Ora suwe sawise kedadeyan iku, lurah pasar kasebut banjur tiba kantaka, lara ora genah ngalor kidule lan banjur kena ajal sawise mondhok ing rumah sakit.

Kedadeyan aeng liyane, nalikane pembongkaran kalaksanan, sakabehe bangunan wis rampung dibongkar, nanging isih nyisakake bangunan mushola lan kamar mandhi kang ora bisa kabongkar wutuh. Kamangka bangunan-bangunan sing ngarep kaya dene kiose para bakul lan terminal angkota wis bisa kabongkar sadurenge kanthi cepet. Sawenehe piranti abot wis digunakake kanggo ngrubuhake jamban lan mushola kuwi, nanging panggah ora bisa mungkasi karya. Malah operatore dhewe bengok-bengok kamigilan.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Sosbud Selengkapnya
Lihat Sosbud Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun