Nesu Nesuo (Marah-marahlah)
Nesu nesuo
menawi sedoyo lepat
kadung ucap sekecap
lisan kelu gak iso dipenggak
mangap ora iso mingkem
ilat melet koyo kenek banyu panas
Nesu nesuo
yen ora nduwe roso
tego loro patine sukmo
menungso kui pancen rekoso
menus-menus kakean doso
Nesu nesuo
yen karepmu bakal dadi sempurno
jilat kene jilat kono koyo segawon loro
ora miker maleh bakalan ngundang sengsoro
ndunyo kiamat ora bagean surgo
Nesu nesuo
yen awakmu ora bakalan sengsoro
yen bondo sak isine bakalan sirno
ilang sak kabehe menungso eng alam ndunyo
di timbang amale akeh kebecik'an opo kakean doso
geni neroko panase ora bakalan sirno
sewu tahun luwih bakalan nyikso
Nesu nesuo
marang pemimpin seng ngaru oro
ora nduwe welas aseh marang tiyang sengsoro
seng ora gadah tresno marang sedulur liyo
ikulah tondo-tondo bumi gonjang ganjing
tekone uru oro bencono gede seng nggilani, medeni
bumi diwalek seng nduwur dadi nang ngesor
seng ngesor dadi nang nduwur
kantun menungso seng mangerteni
yen urep kui kudu manfaati
marang alam ndunyo lan sak isine
kagem gusti Allah seng paleng perkoso
Â
#Puisi ecek-ecek