"Saiki timbang sok-sokan sengsara jalaran ora payu, mending kowe kuwi tambah sengkut anggone golek duit. Mengko keslimur, Di! Ora krasa anggonmu nunggu. Percaya karo aku, sisuk mesti teka-teka ana wong lanang sing pancen kanggo kowe."
Diah njewut. Lambene kaya bisa ditaleni. Mestine wonge durung trima yen usahane golek pacar wira-wiri ngafe, dolan rana-rene, install aplikasi  kencan lan sakwernane ora ana hasile. Aja maneh sing meruhi aku malah sok-sokan bijak. Sidane Diah meneng-menengan karo aku uda kara 2 minggu.
Diah katone mikir. Yen pancen durung mangsane ketemu jodho, digoleki utawa dioyak kaya ngapa ora bakal tinemu. Dheweke ora sambat maneh babagan lanangan lan sengkut nyambut gawe.
Sanajan Diah iku lulusan akuntansi, dheweke milih dadi tani. Pancen mbiyen tau kerja melu wong 3 tahun sakwise lulus kuliah, nanging banjur kapok. Jarene kerja melu wong iku ora penak lan yen diitung-itung mending dadi tani tinimbang ngandelake gaji. Mula saka iku Diah pakulitane luwih ireng, kalah karo wadon-wadon modis sing adate dadi pilihane wong lanang.
"Lin, kancamu sing wis tau dolan karo kowe kae jenenge sapa?" pitakone Ervan, kanca SMA sing paling menengan.
Aku gumun. Anggonku dolan karo Diah lan ora sengaja pethuk Ervan iku wis 6 sasi kepungkur. Sakdurunge mangsuli pitakone Ervan, aku ngguyu kemekelen dhisik. Aku wis ngerti iki arahe arep menyang ngedi. Diah lan Ervan padha-padha wong aneh lan nyleneh. Paling wong loro kuwi kawit lahir tekan seprene nasibe padha, jomblo.
"Kae jomblo, Van. Jenenge Diah. Kowe dolano menyang omahku. Tak duduhake omahe, lan mesti pethuk wonge." Aku mangsuli tanpa tedeng aling-aling. Sethithik akeh aku paham karo Ervan, wong pacarku uga kancane kuliah. Mesti Ervan iki nembe golek wadon temenanan.
"Kowe mengko sore sela ora?"
Asem! Gercep tenan!
"Diah seneng pelem ora?"