Cethil kebangeten!
Wit pelem iku sakjane ora ana apa-apane karo wit kambil sing uga marakake aku gething marang keluargane Pak Nardi. Dangkele pancen ana ning pekarangane Pak Nardi, ananging blungkang sak woh-wohane ning latarku. Tujune wit kambil iku ana ning kebon sayurane ibuku sing mung ditanduri lombok lan sawi. Menawa nang ndhuwur kamarku mesti omahe Pak Nardi wis tak bom yen wit kambil iku ora aweh ditegor.
Prasasat Pak Nardi iku ngitungi cacahe kambil ana pira. Menawa ana kambil tiba ananging mbasan digoleki ora ketemu, mesti mengko bakal neges aku supaya ora ndelikake kambile. Aku pancen seneng ndelikake kambile Pak Nardi. Marga saka kuwi aku bisa nguntalake kambil saka latarku menyang latar omahe. Aku marem menawa kasil ngenani pot-pot bonsai kesayangane banjur muni,
"Uh nyuwun pangapunten, Pak. Kula mbonten sengaja." Lan aku mung diwenehi prengesan untu garinge Pak Nardi sing slonjor telu.
Aku ngitung kambil tua sing sedhela maneh bakal tiba. Cacahe ana telu, dadi paling ora aku bisa mecahake pot bonsai rolas. Kae ning ngarep omahe Pak Nardi ana blumbang koi. Sisuk kambile arep tak tibakake kana kareben bisa ngenani koi. Muga wae koi-ne kaget banjur mumet.
"Mbak, kae Pak Nardi golek perkara maneh." Adhiku mbengok saka sak njabaning kamar. Aku nuli mbukak jendela. Mripatku abang mbranang meruhi Pak Nardi tuku wit rambutan sing wis gedhe. Wit iku ditandur cerak pager omahku. Salah sijine pang sing paling dawa diarahake mbener latar sisih kulon. Asem!
"Ibu, Pak Nardi ki pancen nyebahi. Kae galo!" Aku wadul marang ibu. "Rambutan ki okeh semute, Bu. Nek nyapu ning ngisore bisa kegatelen."
Ibu mung meneng wae. Aku uga wadul karo Bapak kareben nduwurake pager omah ananging  bapak ya mung meneng wae. Olehku misuh ora ana sing nanggepi.
Brak!
Aku mesem. Ana blarak tiba. Blungkang iku tak seret menyang omahe Pak Nardi. Bapak, Ibu, lan adiku mung namatake lelakonku saka bolongan jendela.
"Mandheg kana kuwi wae, Na." Pak Nardi kesusu anggone metu saka omahe kareben aku ora mlebu latar banjur gawe rusak. Ananging aku api-api ora krungu, banjur nyeret blungkang iku menyang mburi omahe. Aku ngguyu ning njero batin amarga kasil nibakake bonsai papat.