"Aja maneh nek pas ana barat kae ki malah godhonge mibur nang latare awak dhewe kabeh, Bu. Wong kok nyebahi. Sing nduwe wit sapa, sing latare reget nggone sapa."
Ibu mung meneng wae. Olehku misuh babagan iku wis ora mung pisan utawa pindho. Prasasat mbendina aku muni-muni marga aku pancen seneng nyapu lan reresik omah.
"Wong cethil kae ki, Bu." Aku nglekasi misuh maneh. Ibu namatake aku sedhela kareben ora sero-sero anggone ngelek-elek Pak Nardi. Aku mbesengut. Lha piye bisa marem? Misuh-misuh kok ming klesak-klesik!
"Bu, aku arep njilih graji mesin nggone Mas Dika."
"Na, wis lah. Yen reget kuwi bisa disapu, mengko resik maneh. Ora usah gawe perkara karo tangga."
"Sing gawe perkara ki malah Pak Nardi jare," aku nyauri kanggo mbelani panemuku. "Dasar wong awon kaya segawon." Adhiku ngguyu banjur nutup kabeh jendela kareben aku ora ngematke omahe Pak Nardi.
"Wis, Mbak. Kowe ngematke omahe Pak Nardi ki nggoleki Mas Indra apa kepiye?"
Kupinge Diki tak jewer. "Sakpenakmu tenan kowe nek ngomong, Dik!"
Aku menyang kamar kanthi ulat peteng. Apes maneh kamarku iku ngadep latar sisih kidul persis ngarep omahe Pak Nardi. Ora arep mbukak jendela ning kok sumpek, yen mbukak jendela rasane sansaya gething karo tangga sing banget anggone nyebahi. Rasane pengin tak krutuki omah kuwi nganggo watu.
Ning ngarep omahe, Pak Nardi lagi ngrumat bonsai sing cacahe atusan. Aku mesakake karo wit-wit bonsai iku sing mesti nangis merga ora bisa tuwuh kanthi marem. Sakjane bisa urip dhuwur malah direka-reka, digawe cebol kareben kerdil.
Lha kok wit peleme ora dibonsai sisan? Aku sengit meruhi pang pelem sing dijarke wae nganti tekan latarku. Lha wong pang-pange sing ning latare wae kerep dikethok, ananging kok sing ning latarku ora aweh dikethok. Pak Nardi iku pancen nyebahi! Sansaya mangkeli maneh yen mangsa panen pelem. Aku ora tau diwenehi gratis. Menawa arep mangan pelem ya kudu tuku saka Pak Nardi kanthi rega pasaran. Aku njaluk dimurahi wae ora gelem tawa.