Mohon tunggu...
Lina Saptorini
Lina Saptorini Mohon Tunggu... Guru - Guru Bahasa Jawa

Saya menyuakai hobi saya yaitu menulis yang akan saya buat konten dalam pembelajaran

Selanjutnya

Tutup

Bahasa

Langkah Langkahe Kanggo Nulis Teks Pawarta Kang Trep Kanggo Mangerteni Kadadeyan Ana Ing Kasuhyatan

12 Juni 2023   09:26 Diperbarui: 12 Juni 2023   09:59 8548
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Bahasa. Sumber ilustrasi: FREEPIK/Jcstudio

Akeh kedadeyan kang dumadi ing saben dinane.Kayata,'kedadeyan kang dumadi ing sacedak kita, sakiwa tengen kita, uga kang dumadi ing papan panggonan kang adoh. Kedadeyan-kedadeyan kasebut ana sing dimangerteni lan dicritakake kanthi cara lesan. Ana kang kawedharake kbnthi tinulis ing kalawarti, ariwarti, utawa medhia sosiyal. Ana uga kang digiyarake lumantar medhia elektronik. Kedadeyan kang diwartakake iku kang ingaran pawarta.

Akeh kedadeyan kang dumadi ing saben dinane.Kayata,'kedadeyan kang dumadi ing sacedak kita, sakiwa tengen kita, uga kang dumadi ing papan panggonan kang adoh. Kedadeyan-kedadeyan kasebut ana sing dimangerteni lan dicritakake kanthi cara lesan. Ana kang kawedharake kanthi tinulis ing kalawarti, ariwarti, utawa medhia sosiyal. Ana uga kang digiyarake lumantar medhia elektronik. Kedadeyan kang diwartakake iku kang ingaran pawarta.

Pawarta ing jaman saiki bisa sumebar kanthi cepet lan ngranggeh panggonan kang luwih amba, malah kepara tekan saindenging jagat raya. Kang mangkana amarga saka kamajuwan jaman utamane teknologi informasi lan telekomunikasi saha jaringan internet kang wus sumrambah ing kabeh wong lan.kabeh panggonan. Kajaba iku sapa bae bisa rnartakake pawarta ora kudu juru warta. Tuladha, nalika ing sawijining desa ana kagiyatan turnamen bal-balan antarkampung. Sapa bae warga kampung kasebut bisa mawartakake kedadeyan kasebut lumantar medhia sosiyal, banjur kedadeyan kasebut dimangerteni dening wong akeh ing njaban kampung. Kang mangkana iku wus kapetung pawada kang sumebar. Babagan sumebare pawarta malah ana kang sumebar kanthi cepet lan dadi kembang:lambe tumraping masarakat utawa kang kondhang kanthi tembung viral, cekakan saka virus virtuaL lku kabeh amarga saka dayane kamajuwan jaman.

Kamajuwan jarnan iku duweni rong sisih kang padha landhepe. Siji bisa migunani lan sijine mitunani, kalebu ing babagan pawarta lan sumebare, mula saka iku kita kudu ngati-ati. Ngati-ati ing babagan nampa pawarta lan luwih ngati-ati maneh nalika ngirimake pawarta. Tumindak ngati-ati iku amarga,ora kabeh pawarta kang kita tampa iku bener lan adhedhasar kasuhyatan. Akeh pawarta kang mung gawe kisruh kahanan mula kita kudu ngati-ati supaya ora kajlomprong. Samana uga nalika ngirim pawarta, kudu dipestekake yen pawdrta kang kita kirim iku pancen pawarta kang bener, pener, adhedhasar kahanan kang sabenete, lan sing luwih wigati maneh yaiku pawartl kang migunani. Mula saka iku, becik tumrap kita nyinau babagan pawarta kaya kang kawedharake ing wulangan ngisor iki.

Satemene kang diarani pawarta/berita, kaya mangkene.

a. Palapuran prastawa nyala (kejadian faktual) utawa panemu (pendapat/opini) kang asifat wigati (penting) ing sawijining wektu, sarta dadi kawigatene wong akeh.

b. Apa bae kang durung nate dikrungu utawa diwaca sarta diweruhi/disumurupi.

c. Wedharan/uraian sawijining prastawa nyala (fakta) utawa panemu (pendapat/opini) kang dipacak/dimuat medhia massa.

d. Swasana anyar kang narik kawigaten, kang lumrah diarani trend.

Kang diarani pawarta iku kudu duwe watak sesipatan utawa ciri wanci kaya mangkene.

a. Pawarta iku kudu adhedhasar kasunyatan (fakta)

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
Mohon tunggu...

Lihat Konten Bahasa Selengkapnya
Lihat Bahasa Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun