Mohon tunggu...
Lukito Lebdo Pitono
Lukito Lebdo Pitono Mohon Tunggu... Pengawas -

Supervisor

Selanjutnya

Tutup

Humaniora

Orang-orang yang Beruntung

4 April 2016   10:25 Diperbarui: 4 April 2016   11:21 67
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Humaniora. Sumber ilustrasi: PEXELS/San Fermin Pamplona

Orang-orang yang hidupnya dilandasi cinta sebagai pengejawantahan iman, senantiasa mendapatkan berbagai keberuntungan ...  

Sedaya pepuji awit saking bleberan peparingipun Gusti Allah ingkang arupi werni-wernining  kanikmatan dhumateng kula panjenengan sedaya. Minangka wedharing raos syukur, mangga kula panjenengan ngindhakaken sesambungan wonten ngarsanipun Allah Azza wajalla kanthi ngindhakaken iman saha raos taqwa; ndadosaken saben obah lampah kula panjenengan mligi tumuju maring ridlanipun Allah. Shalawat saha salam mugiya tansah lumeber katur Rasulullah Muhammad saw., titah linangkung, minangka patuladhan, ingkang dados panutaning ummat sejagat mujudaken raos taqwa ing saklebeting gesang bebrayan saha ing saklebeting matrapaken yudha nagara.

Para kadang kinasih rahimakumullah, Gusti Allah swt.  dhawuh wonten ing surat Al Mukminun ayat 1-11: 

 “1. Temen-temen wis entuk kabegjan wong-wong kang padha iman; 2. (yaiku) wong-wong kang khusyuk sajroning shalate; 3. lan wong-wong kang padha ngadohake pribadine saka (tumindak lan pacelathon) kang tanpa guna; 4. lan wong-wong kang padha mbayar zakat; 5. lan  wong-wong kang padha njaga wewadine; 6. kajaba tumrap bebojone utawa babu tukon ing jurit kang diduweni; mula satemene wong kuwi mau ing perkara iki ora asor; 7. sapa wonge sing golek sakliyane kuwi, mula wong kang mengkono kuwi kalebu wong kang kliwat wates; 8. lan wong-wong kang padha ngayahi amanah (kang dipikulke) lan ngreksa janjine; 9. lan wong-wong kang padha ngreksa shalate; 10. dheweke kabeh kuwi wong-wong kang bakal marisi; 11. (ya kuwi) kang arep marisi suwarga Firdaus, wong-wong mau bakal langgeng ing sakjrone swarga kuwi.” (Al Mukminun/23: 1-11).

Ing saklebeting ayat kala wau disebataken sak mboten-mbotenipun enem pratandha tiyang mukmin ingkang begja. Kapisan nun inggih, tiyang ingkang khusyuk shalatipun. Shalat minangka lantaran kula panjenengan sambet rembag, ngonjukaken atur saha ndedonga wonten ngarsanipun Gusti Allah. Mila, shalat ingkang khusyuk inggih punika shalat ingkang jangkep syarat rukunipun; rerem manahipun, anteng badanipun.

Kapindho, tiyang ingkang nebihaken pribadinipun saking tumindak saha pacelathon ingkang mboten migunani. Ajining dhiri saha pakurmataning tiyang gumantung dhumateng kekiyatanipun tiyang kala wau kangge njaga saking sakwernining perkawis ingkang njlomprongaken dhiri pribadi ing saklebeting kapitunan.

Kaping tiga, tiyang ingkang nglunasi zakat. Ngibadah zakat paring piwulang lan panuntun dhumateng kula panjenengan supados tansah andum karaharjan dhateng sesami. Wonten ing QS. At Thalaq ayat 7, Gusti Allah swt. dhawuh ingkang tegesipun: “Prayogane  wong kang jembar rejekine menehi nafkah miturut kesanggupane, lan pawongan kang winates rejekine, prayogane uga menehake nafkah saka bandha kang den paringake (Alla) marang dhewekne. Allah ora bakal mboboti pawongan kejaba miturut apa kang diparingake. Allah bakal paring kajembaran sakwise kawinatesan.” (At Thalaq/65: 7). 

Kaping papat, wong kang njaga wewadine. Ajining dhiri pawongan ditemtokke saka kekuwatane njaga pakurmatane. Wewadi punika minangka aurat ingkang kedah ditutup rapet lan mboten badhe dipunangge kejawi dhumateng ingkang halal.

Kaping gangsal, pawongan kang njaga amanah lan janjine kanthi apik. Amanah punika minangka kuwajiban ingkang kedah diemban, kedah dipunupakara, dipunperti, dipunayahi; wondene janji punika minangka kuwajiban ingkang kedah dipunreksa amargi janji punika minangka ikrar saha utang ingkang kedah dipunberesi saha dipunlunasi. Tiyang ingkang mboten ngemban amanah saha remen nglirwakaken janjinipun, gebenganipun tiyang munafik. Rasulullah ngendikan: ingkang tegesipun: “Yekti ora kalebu wong kang iman, pawongan kang ora ngreksa amanahe.”

Ingkang kaping nenem, tiyang-tiyang ingkang tansah ngreksa shalatipun. Shalat inggih punika ibadah ingkang diwiwiti kanthi takbir saha dipungkasi kaliyan salam. Shalat ngemu panyuwun kasaenan donya tuwin akhirat. Ing saklebeting shalat ugi wonten pangajeng-ajeng saha panyuwunan kawula konjuk khaliqipun supados tansah saged tetep wonten ing saklebetipun dalan ingkang lempeng, nun inggih wonten ing saklebeting lampah Islam. Ing saklebeting shalat ugi nedahaken tandha agungipun Allah swt. sahengga kula panjenengan kedah manungkul saha mituhu. Amarga shalat nggadhahi suraos ingkang lebet, mila jejibahan kula panjenengan minangka kawulanipun Gusti Allah nun inggih mujudaken tumindak ingkang mulya sarta luhur, saha nggelar sarta matrapaken wonten ing gesang sadinten-dinten ing saklebeting panggesangan kulawarga, bebrayan, saha yuda nagara.

Ngreksa shalat ateges nebihi tumindak ingkang mboten dikeparengaken. Priyantun ingkang ngreksa shalat ateges nebihi tumindak awon saha duraka, amargi tumindak ingkang mekaten namung ndadosaken gesang ingkang ngayawara sarta tanpa guna. Tiyang mukmin tansah nuwuhaken paedah; ing saklebeting lelampahan, ing musyawarah, ing pasrawungan.

Mugi-mugi Allah swt. nglebetaken kula panjenengan minangka tiyang mukmin ingkang maedahi saha begja ndonya akhirat.

Mohon tunggu...

Lihat Konten Humaniora Selengkapnya
Lihat Humaniora Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun