Ing sawijining esuk sing cerah, aku kaget weruh jam wis meh tekan angka 6. Jebule wis liwat wektu kanggo siap-siap menyang kampus. Tanpa mikir, aku mbuwag selimut lan metu saka amben lan tumuju kamar mandi. Nanging, siji langkah aku jumangkah ing lantai, sirahku krasa lara banget. Aku ora nggatekake laraku amarga aku wis telat menyang kampus. Sakwise adus, siap-siap, lan pamit karo ibu, aku njupuk sepedhahku siap-siap mangkat. "Bu, kula budhal dhateng kampus". Kandhaku karo ngambung tangane ibu. "Iyo, ati-ati neng dalan, Nak". Kandhane ibu menehi pitutur marang aku. Sakwise salam, aku nguripno motor lan nganggo sarung tangan sambi ngiling-ngiling barang apa wae sing durung tak lebokno nang tas.
Sawise krasa wis ora ana apa-apa, aku banjur nyepetake sepedha motor. Nanging, tekan ing tengah perjalanan menyang dalan gedhe, aku rumangsa ana sing ana sing entheng ing awakku. Aku nyoba ngeling-eling apa ana sing ketinggal. Nganti ana sing ndhisiki aku, banjur aku kelingan yen aku ora nganggo helm. Tanpa mikir maneh, aku muterke sepedhahku lan bali menyang omah kanggo njupuk helm.
Tekan ngomah aku kesusu nyeluk ibu lan sambat. "Buuuuu, kula ninggalke helm." Banjur Ibukku mangsuli "Mangkakne yen tangi kui di isuki, dadi ngono kuwi yen tangi awan". Amergo kesusu, aku njupuk helm tanpa nggatekake omelan ibu. "Inggih, Bu. Kula badhe pamit budhal male".
Akhire aku bali numpak sepedha motorku cepet-cepet tekan kampus.
Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H