Mohon tunggu...
KOMENTAR
Sosbud

Parikan "Bo-Kong"

31 Agustus 2014   05:00 Diperbarui: 18 Juni 2015   02:02 473 1
Sayur lompong iwake krupuk,
ditambah menjos lalapan luntas,
kenek opo bokong kok gembuk ?
lha nek atos jenenge endhas.


gulo klopo rasane legi,
sing paling tepak gawe gelali,
kenek opo bokong ditutupi ?
lha nek mbukak akeh sing nyetholi.

gulo klopo dibungkus godhong,
godhong nanas opo godhong kluwak,
kenek opo sing dikathoki bokong ?
lha nek ndhik endhas sing nggawe koplak.

santen klopo digawe gule,
dikek'i sate yo jelas cocok,
kenek opo uwong onok bokonge ?
lha nek gak duwe lak koyok kodhok.

tuku klopo dikongkon bojo,
klopone gak onok aku ditempiling,
kenek opo bokong kabehe loro ?
lha nek sitok lak gak iso ngising.

kate nang Hongkong mampir Mediun,
golek nanas karo golek terong,
menthol ndhik bokong jenenge udun,
lha nek ndhik endhas jenenge bonong.

mangan lonthong weteng kewaregen,
ngombe banyu entek sak botol,
kenek opo bokong kiwo- tengen ?
nek gawe mlaku cek iso megal- megol.
By.Wahyu Nugroho.PES

KEMBALI KE ARTIKEL


LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun