Lintang-lintang mangendahi jembaring angkasa….
Tanpa kaloka sinaring dewi malam…
Pikiran iki ora bisa ngilangi…
Lisan iki ora bisa ngapusi…
Kalbu iki ora bisa nyanggahi..
Lan raga iki kaku manawa nyawang sliramu…
Gundahing rasa kalbu iki…..
Kenopo bisa kalbu iki ana sliramu…??
Kenapa bisa kalbu iki nresnani janma….?
Katon adoh ngranggeh kalbu sliramu…
Adoh maneh batesing sliramu ….
Tresna iki ibarat pratiwi lan dirgantara….
Kalbu iki ora bisa maneh nanggung gejala ing jroning kalbu…..
Amarga salah sliramu ing kalbu iki….
Kang bisa dak tindhakake…
Mung pasrah  karo ati iki…
Yakin manawa lingsiring wektu…
Kang bisa netralake kalbu iki…..