Mohon tunggu...
KOMENTAR
Puisi

Rogo Ing Busana

24 Oktober 2022   10:17 Diperbarui: 24 Oktober 2022   11:00 87 1
Rogo Ing Busana

Udan riwis-riwis nggowo angin gumanti
Dikaya ngapa lemah wus kebanjur teles
Yen surya wiwit sumunar
Manuk kepodang colat-colot ono wit gedhang

Nyawang kerlipe lintang
Lan mego sinawang tansah mendung
Aku tumungkul ngelus dada
Ngundarasa jinantur jiwa

Kang kasepen ing reronce kidung asmara
Apa aku kudu lumaku
Setinggi angin lan segoro
Njupuk lintang kan gumebyar

Sajroning ati iki
Ana panandhang
Lewat getering angin kang sumilir
Sadawaning laku lan sepiku tak critakake

Karya : Wening_w

KEMBALI KE ARTIKEL


LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun