Mohon tunggu...
KOMENTAR
Puisi

Lintang Panjer Rahina

27 Desember 2022   02:00 Diperbarui: 28 Desember 2022   12:44 1659 1
Nalika bumi isih sepi

Lintang panjer rahina wis tangi

Menehi pepadang sagung dumadi

Kang wiwit gumregah ngupoyo rejeki


Para among tani wis ndelidir mecaki galengan

Mbok bakul sinambiworo wis sengkut makarya

Poro ngulama tumungkul mengestu puja

Poro santri wiridan ngaji



Jago kluruk sesautan

Melu tasbih marang Pangeran

Ndonyo wis gagat rahina

Maringi  kalodangan janma ngupadi pangupa jiwa

KEMBALI KE ARTIKEL


LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun