"Awi, bonceng kula napa boten?" Ngendikane pak Giman marang Pak Bain.
"Boten sholat rumiyin?" semahure Pak bain.
Sanalika aku kang lagi arep ngadek, nyela "Sajake, Pak Giman esuk mau durung kramas. Kersane kondur dhisik. Awake dhewe mengko yen wis bubar sholat"
Krungu panyelaku mau, kanca-kanca guru liyane padha ger-geran, lan nambahi. "Mulane mau esuk olehe rawuh rada kawanan"
"Wah......, duwe kanca edan ki, yen ora ngati-ati dadi repot, ora kalap." ngendikan Pak Giman karo nyelehake tas lanĀ ucul jaket, banjur runtung-runtung bebarengan menyang papan wudhu.
Sarampunge jama'ah sholat dhuhur, nembe padha bebarengan metu saka sekolahan. Sarehne dinane setu, dalane rame banget, aku lan saaperangan kancaa guru nyimpang saka dalan gedhe Wonosari - Jogja, liwat gunung Nglanggeran, banjur mudhun ing sacedhake Kantor Kalurahan Ngoro=oro. Kejaba dalane sepi, ora kakehan simpangan truk lan bus sing kebule ireng thuntheng, hawane rada adhem lan seger.