Mohon tunggu...
KOMENTAR
Puisi

Dongenge Simbok 8: Balapan Karo Keong

12 Mei 2010   14:16 Diperbarui: 26 Juni 2015   16:15 1345 0
Nalika si Kancil pinuju mlaku ing sapinggiring alas, nurut kalen kang banyune bening, kancil nyepadakake lakune keong gondhang sing klemar-klemer alon banget. Meruhi lakune keong gondhang mau, si kancil celathu semu ngenyek. "Eeee.................keong, kowe kuwi kajat mlaku apa ora? Dadi makhluq koq kaya wegah urip. Mlaku klemar-klemer kawit mau ora alihan panggonan. Mbok ya sing sigrak, rikat, cukat trengginas obahmu kuwi, keong........."

Keong kang diece dening kancil semaur sareh. "Weh weh weh..... iki ana kancil koq dhemen timen umuk. Seneng ngasorake liyan, sajak kaya paling digdaya ana ngalam donya iki"

"Hahahahahahaha....................... lha rak omonganku iki cocog karo kahananmu ta keong? Dak tamatake wiwit mau, nganti aku ngantuk, anggonmu mlaku ora genep sejangkahku" sambunge kancil sansaya mundhak umuke.

"Dadi kewan ki mbok ya aja kakehan umuk, Cil. Nyawang liyan ki aja mung saka sing katon neng mata. Durung mesthi penemumu kuwi bener" si keong menehi pitutur maranag kancil.

Dituturi dening keong si kancil malah ngatonake songare. "Huwalllaaah.................. keong, keong. Apa pancen kowe bisa mlaku luwih cepet. Wis genah wiwit mau prasasat ora alihan panggonan olehmu mlaku ngono koq diunekake klemar-klemer malah ewo"

"Kabeh omonganmu mbok menawa ana benere yen digathukake karo kahanan wektu iki. Mlaku alon utawa banter kuwi dilarasake karo keperluane, Cil. Yen lagi kepingin nglaras karo ngrasakake nikmate ciptane Pangeran, ya mlaku alon sak alon-alone. Nanging yen butuh cepet selak ngoyak butuh, ya dibanterake lakune" Keong emoh kalah penemu.

Kancil mesem kecut sajak nyepelekake omongane keong. "Lha apa omonganmu kuwi ana buktine, keong? Apa bener kowe bisa mlaku banter?????"

"Yen dina iki, aku lagi emoh mlaku banter. Jalaran aku lagi namatake endahing kahanan peparinge Pangeran. Nanging yen liya wektu, during mesthi kowe bisa ngalahake playuku, Cil" si keong ngungkuli umuk.

"Weh..weh weh................... Keong......... keong. Apa jagad wis arep kiamat yen kancil kalah balapan karo keong. Kamangka wis kondhang kaloka menawa kancil iki jago mlayu. Prasasat ora ana makhluq ing ngalam donya iki sing bisa mlayu luwih cepet menang balapan karo kancil. Macan, singo, menjangan, jaran................. lan kewan apa maneh sing jareplayune banter, nganti dina iki ora ana sing bisa ngalahake playune kancil. " Si kancil kebrongot atine, mula sansaya tambah umuk.

"Ooooooo ngono ta, Cil. Kowe pancen kondhang banter playumu. Kowe mesthi menang balapan karo sapa wae yen anggone balapan padha-padha ana ing dharatan. Nanging sajake kowe durung nate balapan karo mungsuh sing mlayune ana jeroning banyu." Si keong tuwuh niyate kanggo miring-mirangake kancil.

"Hahahahahahahahahahahahaha....................... sajake kowe arep nantang aku balapan, keong. Ayo dibuktekake, aku dak mlayu ing sadhuwure tanggul nurut sadawane kalen iki. Ewodene kowe mlayu ana sajeroning banyu ing kalen iki." Sambunge kancil sawuse gumuyu dawa.

"Kena, nanging aja saiki. Sasi iki aku lagi nindakake dhawuhe Kanjeng nabi Soleman supaya nglakoni kanggo nambah kasektenku." Si keong golek alesan, jalaran yen sawantah genah keong ora bakal menang balapan karo kancil.

"Lha karepmu kapan? Aku manut, yen kowe wis siyaga bisa dileksanakae" si kancil sing wis muntab kanepsone merga rumangsa disepelekake keong.

"Anggonku nglakoni rampunge sesuk dina Selasa wage, kira-kira sesasi maneh. Yen kancil pancen kepingin bukti, sesuk Rebo kliwon awakmu teka kene. " Si keong semaya njaluk wektu.

"Kowe aja cidra lho keong. Rebo kliwon ngarep aku teka kene, aku karo kowe balapan diwiwiti saka papan iki nurut sadawane kalen, yen perlu nganti tekan tempuran ing bengawan gedhe sisih ngisor kana." Kancil nyaguhi tantangane keong.

Saungkure kancil, si keong nglumpukake kabeh keong. "Kanca-kanca kabeh, sesuk Rebo kliwon ngarep aja lali. Kabeh padha mapan ana sadawane kalen iki ana jeroning banyu, aja methungul metu saka banyu yen during krungu swarane kancil undang-undang. Mengko sapa wae sing mapan ing sangarepe kancil kudu semaur, nyahuti pangundange kancil."

"Semaure kepriye?? Supaya kompak, semaure marang kancil kudu digawe padha." Salah siji keong tuwa njaluk warah.

"Oooo ..............ngene. Kowe kabeh olehe semaur ngene. Ana apa, Cil. Aku ana ngarepmu" Si keong menehi ancer-ancer wangsulan.

******

Dina rebo kliwon sing ditemtokake kanggo balapan wis tumapak. Kancil teka ing papane keong gondhang mruput esuk umun-umun. "Ayo, keong. Anggone janji balapan diwujudake. Nanging banjur kepriye carane ngerteni sapa sing menang balapan. Yen aku ndadak mandheg namatake lakumu ana jeroning banyu, aku sing rugi wektu"

"Rehne antarane awakmu sing ana dhuwur tanggul karo aku sing ana jeroning banyu ora padha dene weruh, yen wis mlayu antara suwe kowe undang-undanga marang aku. Mengko bakal dak wangsuli pangundangmu. Kanthi mengkono ketara sapa sing ana ngarep, lan sapa sing keri ana mburi" si keong ngajokake penemu.

"Woooooo, ngono. Yah, ayo enggal diawiti. Siyaga. Siji...................... Loro..................... telu" aweh aba-aba ngono kancil mlumpat mlayu sabantere ngetog kabeh kadigdayane. Isin yen nganti kalah balapan karo keong.

Si keong gondhang gumuyu ing jroning ati. "Rasakna, Cil. Dina iki mengko sida kewirangan awakmu."

Tekan pengkolan kalen si kancil undang-undang karo tetep mlayu "Keoooooong, kowe wis tekan ngendi?????"

" Ana apa, Cil. Aku ana ngarepmu" wangsulane keong sing ana ngarepe kancil. Krungu wangsulane keong atine kancil muntab, mula banjur nambahi banter playune nganti kepentut-pentut.

"Keoooooong, kowe wis tekan ngendi?????" Sepisan maneh kancil undang undang sawise antara setengah jam mlayu.

" Ana apa, Cil. Aku ana ngarepmu" keprungu suwara keong wangulan ing ngarepe kancil.

"Wee lha............... jebul banter tenan playuen keong ana jeron banyu" panguwuhe kancil karo nerusake playune. "Keoooooong, kowe wis tekan ngendi?????" Pangundange kancil karo menggeh-menggeh.

" Ana apa, Cil. Aku ana ngarepmu" Sepisan maneh ana wangsulan saka keong iang sangarepe kancil.

Jalaran wis kentekan kekuwatan, ambegan menggos-menggos kaya arep pedhot, kancil ndheprok ing pinggir kalen. "Wis................ Keong. Aku ngaku kalah. Jebul pancen playumu ana jeroning banyu luwih banter tinimbang aku. Wis....... Aku ngaku kalah" Rampung celathu ngono, si kancil semaput nganti sore lagi tangi.

"Mulane dadi makhluq aja seneng umuk, ngremehake liyan. Ana bebasan sandhuwure langit isih ana langit." Para keong padha nggeguyu kahanane kancil.

(Ditulis sesuai dongeng simbok semasa aku kecil sebelum tidur)

KEMBALI KE ARTIKEL


LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun