Mohon tunggu...
KOMENTAR
Puisi

Dongenge Simbok 6: Kebo lan Baya

1 Mei 2010   11:22 Diperbarui: 26 Juni 2015   16:28 891 0
Ngoncati papane ilat macan kejepit pring gerit, si Kancil mlayu adoh nganti tekan sapinggire kali. Ing papan kuwi ana lapangan amba kang sukete ijo royo-royo, mula kerep ditekani kewan sing seneng mangan suket, kaya dene sapi, kebo, wedhus, menjangan lan liya-liyane. Sedina sadurunge kancil tekan papan kono bubar wae kedadeyan udan sing ora deres, nanging nganggo angin kang gedhe agawe miris. Jalaran angin kang nggegirisi mau akeh wit-witan gedhe kang rungkat, ambruk saoyot-oyote.

Lakune kancil kandheg jalaran krungu swara pating regejeg, rebut bener. Bareng dicedhakikaton ana sawijine baya njaluk gendhong ana gegere sawijining kebo. Si kebo bengak-bengok kelaran , nanging si baya ngethepel ana gegere kebo, jebul nyokot gulune kebo.



"Karepmu ki piye to baya, wis ditulung uwal saka bebaya, lha koq malah mbrakot awakku. Kowe ki koq ora ngerti kepotangan budi" si Kebo bengok-bengok karo ngampet lara perih ing gulune.

"Ora usah kakehan omong. Dhasar kebo, utekmu bodho. Ya, kaya mengkene iki ukume wong bodho, dadi pangane sing pinter" celathune baya karo tetep nyokot gulune kebo.

"Ooo walah... baya..... baya. Kowe kuwi kudune matur nuwun wis dak uwali saka sangisore kayu sing nindhih awakmu. Lha koq malah arep nyilakake aku" si Kebo nggrantes sajak nggetuni apa sing wis dilakoni.



"Wis, ora usah kakehan polah. Yen kowe meneng wae, malah ora lara. Yen kowe bengak-bengok, mesthi wae sedhela maneh kanca-kancaku bakal padha teka. Lha rak bagehanku mengko dadine mung sethithik, awakmu sing lemu iki dienggo rebutan kanca-kancaku. Yen kowe meneng, aku trima mung mangan punukmu iki wae, kowe isih bisa urip." Si baya sansaya kenceng anggone nyokot gulune kebo.

Ngerti kahanan kuwi, si kancil tuwuh welase marang si kebo. Kancil golek akal, kepriye carane nylametake nyawane si kebo, lan males culikane si baya kuwi. Kanthi sareh si Kancil celathu "eee.... Iki padha ngapa. Pating brengok rebut diyada. Lha koq enak timen si baya njaluk gendhong marang kebo, apa kowe lagi lara ta baya?."

"Iki lho, Cil. Baya iki culika banget, ora ngerti panarima. Wis ditulung uwal saka bebaya, malah arep nyilakakake aku. Guluku dibrakot, nganti aku kangelan abegan" si Kebo tuwuh pengarep-arepe bakal oleh pitulungan.

‘Lha rak wis umum ta Cil, yen sing bodho bakale dadi pangane sing pinter. " si baya nyahut golek bener.

"Pancena ya bener omongane baya. Sing bodho bakale dadi pangane sing pinter. Sing asor dadi pangane sing kuwat" si Kancil sajak mbenerake pokale si baya.

"Ha ha ha. Ha........................ piye bo kebo, Si kancil wae setuju, mbenerake penemuku" si baya gumuyu sajak seneng atine.

"Hoooo walah, nasiiib, nasib. Koq ya apes temen awakku dina iki mau. Ngerti bakal mengkene iki aku ora bakal nulungi baya keparat iki, kareben mati bosok ana sangisore kayu ambruk kuwi." Si Kebo ngrantes nggetuni nasibe, ilang pengarep-arepe.

"Ora. Kowe sakloron mbok sabar sedhela, padha critaa marang aku. Aku koq kepingin mgerti jlentrehe lelakon. Supayane mengko aku bisa ngabari seduluer si Kebo, kepriye kedadeyane sing sabenere"

Si kebo sing mangsuli. "Ngene lho Cil. Satekaku ana kene mau, ana baya ketindhihan wit ambruk sing gedhe ana cedhakmu kuwi. Dheweke bengak-bengok njaluk tulung. Weruh kuwi, tuwuh welasku, kayu gedhe sing nindhihi baya dak sudhang nganggo sunguku, banjur si baya bisa uwal. Baya kuwi ora matur nuwun malah nyokot guluku, jarene arep mangan punukku."

"Sedina ketindhihan kayu njalari wetenge ngelih, Cil. Lha mumpung ana kebo bodho iki, yen oleh dak pangan punuke mesthi wae wetengku bakale wareg." Si Baya nyahut critane kebo.

"Aku koq ora pati mudheng marang critamu, Bo. Supaya luwih cetha, kepriye yen kowe sakloron mbaleni kedadeyan sekawit, komplit. Wiwit saka kahanane baya ketindhihan kayu, nangnti kebo ngluwari bebayane baya kuwi mau." Si kancil api-api bingung.

"Ooo ngono, Cil. Wis, bo kebo, ayo kayu kuwi sundhanen tindhihna awakku kene" si baya nguwali oleh nyokot gulune kebo mudhun saka geger banjur mapan ana cedhake kayu ambruk.

Si kebo dlongop during ngerti apa sing di karepake kancil. "Aku kudu mbaleni kedadeyan mau? Abot-abot ngangkat kayu, terus dicokot baya?"

"Wis, gek ndang to bo kebo. Wetengku selak ngelih. " si baya ora sabar

"Lha enggal diangkat kayu kuwi Bo. Tindhihna ana awake baya kaya kedadeyan satekakamu mau." Kancil mbujuk si kebo, menehi sasmita nganggo mripate.

Kanthi abot si Kebo ngangkat pucuke wit, ditindhihake awake baya. Kebo sing during mudheng kekarepane kancil sawutuhe, mandheg ndlongop ing sacedhake kayu.

"Wis, saiki enggal kayune di angkat maneh. Terus mengko aku nyokot gulumu" bengoke baya ngampet lara.

"Saiki wis cetha, bo. Apa kowe arep ngangkat kayu kuwi, yen sabanjure kowe bakal cilaka dadi mangsane baya? Yen aku, luwih becik lunga, golek suket ing papan liya. Kareben si baya mati bosok ana kono. Yen begja, si baya bisa uwal menawa udan deres kayune ngambang." Kancil lumaku ngadoh. Kebo ngerti kekarepane kancil, tut wuri lunga ngedohi si baya.

"Wah.... Matur nuwun, ya Cil. Kowe wis nylametake uripku saka regemane baya. Yen kowe ora teka, kiraku aku wis dadi rebutan para baya." Si kebo atur panuwun marang kancil.

Ya... padha-padha, bo. Mbok menawa liya wektu genti kowe nylametake aku kanthi awakmu sing rosa kuwi. Si kancil semaur sinambi lumaku sareh bareng lakuke kebo. Kekarone gegojegan tumuju sapinggire alas.



(Kaya dene dongenge simbok nalika ngancani turu rikala aku cilik)

KEMBALI KE ARTIKEL


LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun