Mohon tunggu...
KOMENTAR
Puisi

Dongenge Simbok 4: Jenange Nabi Soleman

26 April 2010   07:27 Diperbarui: 26 Juni 2015   16:34 267 0
Kancil kang nembe lumaku ing sapinggiring alas, ngerti grombolan kebo sing pada iwurt mangan suket kang ijo-ijo tur subur. Merga rasa kesele anggone lumaku, mula si leren dheleg-dheleg ing sangisor wit munggur gedhe. Ora adoh saka anggone Kancil turu, katon ana barang bunder ireng, lumayan gedhe. Kena sumilire angin, si Kancil liyer-liyer ngantuk, theklak-tekhluk senajan ora turu.

Ora antara suwe, katon tekane Kethek sing awake padha abuh jalaran dientupi tawon gung. Kethek kang rumangsa jengkel marang Kancil merga diapusi, alon-alon nyedhaki lungguhe kancil banjur nyikeawake Kancil saka mburi. "Kecekel awakmu saiki, Cil. Kowe arep suwala kepriye yen awakmu wis dak pithing ngene iki. Jarene gonge Nabi Soleman, jebul awakku mbok sorohake menyang susuh tawon gung. Yen wis ngene iki, rasakna piwalesku", ngomong ngono karo tangane kethek mau ngeneng-eneng kupinge kancil.

Kancil sing kelaran, ora kakehan polah, nanging pikirane mungset golek akal, pye carane uwal saka panyikepe kethek kuwi. "Ora, Thek.Koq awakmu rada bintul-bintul abuk ki merga kakehan mangan walur apa piye?"

"Mangan walur apa? Genah merga pokalmu, aku dientupi tawon gung sepirang-pirang ngono koq" semaure kethek. "Pinujune aku bisa mlayu terus ambyur ana kedhung, yen ora.......... wis mesthi mati aku." Ngomong ngono karo ngantemi awake kancil.

"Wooooo, ngono. Yaaaa..... yen ana luputku, aku njaluk ngapura, Thek. Sing wis kebacut, ya wis. durung diati-ati, kareben awakmu ora cilaka."

"Lha yen ora mbok apusi. mesthi war aku ora cilaka, Cil. Kowe gampang wae ngomong mengkono, jalaran kowe ora ngrasakake dientupi tawon gung. Saiki aku njaluk digolekake tamba, sisa karo pangan sebab wetengku wis ngelih" Kethek nyahut karo mecucu.

"Wah, piye ya, Thek. Aku ki lagi didhawuhi........................." kancil tidha-tidha arep mbacutake omongane.

"Didhawuhi karo sapa??? NabiSoleman??" sahute kethek.

"Kadingaren utekmu encer, Thek. Pancen aku mau didhawuhi nabi Soleman", semaure kancil setengahe ngumpak atine kethek.

"Hahaha....... mesthi arep ngapusi maneh. Yen masalah gong, genah aku ora percaya. Sebab wetengku wis ngelih tenan, rasane pating plilit."

"Ora. Iki dudu perkara gong. Aku didhawuhi nunggu jenang dodol gaweyane nabi Soleman. Merga mau isih panas, arep terus digawa tindak karo Nabi Soleman, samar yen astane mlosoh merga panas. Kamangka ngendikane Nabi Soleman, jenang kuwi kejaba enak, maregi, uga ana kasiyate minangka tamba yen kena entup lan upas, sabarang lir upas." Kancil nerangake rada dawa supaya kethek lali saka nesune lan kena apus kramane.

"Apa tenan omonganmu, Cil? Aja-aja kowe mung arep ngapusi aku maneh?", si kethek sing pancen ora srantanan yen ngerti pangan wiwit kena tembung manise Kancil.

"Yen ora percaya, ya wis. Pancen aku iki kondhang pinter ngapusi, Thek. Yen kowe sumelang dak apusi, ya.... kana enggal lunga, aja  ganggu gawe anggonku nindakake dhawuhe Kanjeng Nabi Soleman." Si kancil sing dipaido sajak kecenthok atine.

"Ana ngendi jenange kuwi, Cil? Mbok aku tak ngicipi sethithik wae. Oleh to Cil??" si kethek ngangseg penjaluke.

"Weeeeh. lha mengko aku didukani no, Thek.Apa kowe wani nanggung yen ana sarusikune?"

"Yen weteng ngelih, apa wae alangane bakal didhadhagi. Wis mengko aku sing tanggung yen didukani."

"Ya, wis. Kae lho ana cedhak blumbang, rupane ireng. nanging supaya kowe mengko ora kuwalat merga wani mangan dhaharane Nabi Soleman, ana syarate".

"Syarate apa, Cil" Kethek sing wis kemecer idune, selak kepingin ngicipi jenange nabi Soleman iku ngoyak.

"Syarate anggonmu mlaku saka kene nganti tekan panggonan jenang kuwi kanthi merem, lan irungmu dibunteti. Yen sikilmu  utawa tanganmu sing mbok nggo grayah-grayah mlaku wis nyenggol jenang kuwi, anggonmu mangan ora kena nyuwil. Nanging kudu ngiras nganggo lambe lan untumu, kanthi cara dikokop" Kancil nerangake sajak wigati.


"Lha menkone apa aku ora nabrak-nabrak, Cil.?"

"Ngene. Awakmu saka kene madhep lempeng menyang jenang kuwi. Sawise merem, rada ndhodhok lumaku sinambi grayah-grayah nganggo tangan tengen, dene tangan kiwa mbithet irung" Kancil menehi cara marang kethek.

"Wooo, yaah. Dak wiwiti saiki, ya Cil." Ngomong ngono karo agahan kethek mlaku dhohok karo merem lan mbithet irung. Weruh kuwi, Kancil kanthi sesidheman lumaku ngadoh lan banjur mlayu sipat kuping mlebu tengahing alas.

Bareng tangane kethek nyenggol anget-anget rada empuk, kaya welinge Kancil mau, agahan nubruk. Bruuuk. Si Kethek ngokop barang sing jarene Kancil jenang, jebul rasane ora enak tur mambu. Agahan si kethek melek mbukak matane. Sepira kagete jebul sing dikokop mau tlethong kebo sing isih anget merga isih anyar.

" Wahhhhh, sida kapusan maneh awakku. Tlethong kebo diunekake jenange Nabi Soleman. Aku iki koq yaaa bodho timen" Ngedumel si kethek nggetuni bodhone karo mlaku marani blumbang kanggo adus ngilangi tlethoing awak lan raine.

(Susai ingatanku kepada dongeng simbok saya sebelum tidur sewaktu saya kecil)

KEMBALI KE ARTIKEL


LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun