Mohon tunggu...
KOMENTAR
Puisi

Dongenge Simbok 3: Gonge Nabi Sulaiman

24 April 2010   14:40 Diperbarui: 26 Juni 2015   16:36 164 0
Sawise kasil ngapusi si kapri, asune pak Tani sing bodho nanging srakah, Kancil lumaku alon mlebu alas kang rada rungkut, wit-witane gedhe-gedhe tur dhuwur. Jalaran kesel tur wetenge luwe, dadine si Kancil krasa lungkrah lan ngantuk. Mula saka iku, bareng kepethuk wit srikaya kang akeh wohe lan mateng-mateng, Kancil mandheg kepingin mangan woh srikaya mau. ana sawetara srikaya mateng kang wis tumiba ana lemah, dadi si Kancil ora perlu menek. Apa maneh katon ing wit srikaya mau ana gumandhul omah tawon gung kang gedhe banget.

Rasa ngantuklan awak kesel, ditambah weteng wareg njalari matane kancil ora gelem melek maneh. Gelem ora gelem Kancil turu ana sangisore wit srikaya mau, angler malah kepara ngorok. Sedina muput anggone Kancil turu durung tangi. Bareng wetenge wis krasa ngelih, Kancil mbukak matane. Sapandurat atine kancil kaget, jalaran ana sandhinge turu wis ana kethek gedhe tehenguk-thenguk karo mangan woh srikaya kang padha gogrog. "Wah.............. panganku dientekake kethek iki. Aku kudu bsa ngapusi dheweke" ngono swara batine Kancil.

"Weee lha..... kapan tekamu ana kene kang kethek?" pitakone Kancil marang kethek kang lagi iwut mangan srikaya.

"Kudune sing takon ki aku, Cil. Sebab ing papn iki saben dina aku golek pangan. Eeeeee ..... nalika aku teka kene koq awakmu turu ngorok ana kene. Saka ngendi lan arep menyang ngendi kowe, Cil?" semaure kethek mau.

"Kaya biasane, Thek...... aku mlaku-mlaku. Mung wae pas tekan kene esuk mau aku kepethuk Kanjeng Nabi Sulaiman, banjur didhawuhi nunggu kagungane gong kang disimpen ing pang wit srikaya gedhe iki. Aku diwanti-wanti, sapa  wae ora kena nyedhaki, ndemok, apa maneh nabuh gong mau. Jalaran yen nganti ditabuh dening sebarang makhluq, swarane gong mau bisa njalari lindhu gedhe lan larang udan." pratelane kancil sajak wigati.

"Begja temen awakmu. Cil. Dipercaya kanjeng nabi Sulaiman kanggo njaga kagungane gong. Yen pancen olehe nyimpen gong mau ana kene, mesthine aku sing didhawuhi nunggu, dudu awakmu, Cil. Yen aku nyoba nabuh gong mau oleh apa ora, Cil?" si kethek katon kepingin.

"Aku mau rak wis ngomong tho, Thek. Yen nganti gong mau ditabuh dening sebarang makhluq saliyane Kanjeng nabi Sulaiman, bisa mbilaheni" wangsulane Kancil sajak ora lila.

"Satenane awakmu wis nate krungu swarane gong kuwi apa durung, Cil?" si kethek ngoyak penjaluke.

"Waaah, ya durung. Jalaran aku dhewe wedi sapudhendhane yen nganti krungu swarane gong kuwi. Apa maneh resikone tumrape sabarang kang urip ana ngalam donya. Yen nganti ana lindhu gedhe, lan larang udan, bisa mbilaheni" kancil nerangake.

"Yen ana sarusikune, mengko aku dhewe sing bakal nanggung. Yen nganti Kanjeng nabi Sulaiman duka, kareben aku sindidukani. Awakmu ora perlu wedi, Cil. Priye, Cil. Oleh ya.... aku nabuh kepingin ngrungokake swara gong kuwi?", penjaluke kethek sansaya ngoyak.

"Yen pancen adreng kekarepanmu, aku ora bisa maneh ngalang-alangi. Nanging, supaya yen ana dukane Kanjeng Nabi Sulaiman, aku ora katutan kena duka, sadurunge kowe nabuh gong kuwi, aku tak lunga dhisik sing adoh. Jalaran aku wedi tenan karo swarane gong kuwi, samar yen kupingku sing apik iki mengko dadi budheg." Kancil nyetujoni kekarepane kethek sajak kabotan.

"Aku manut" sambunge kethek sajak bungah.

"Mengko yen awakmu arep menek nabuh gong, undang-undango aku dhisik. Yen aku isih semaur, kowe aja menek dhisik. Nanging yen aku wis ora semaur, sakarepmu olehmu bakal nabuh. Tegese aku wis adoh, wis ora bakal kebrebegen swarane gong kuwi." ngomong ngono kancil karo lumaku glendheh-glendheh ninggalake sangisore wit srikaya.

Let rada suwe, si kethek mbengok. "Ciiiiiiiil, wis adoh durung?"

"Oooooiiiiiii, mengko dhisik. Sedhela maneeeeeeh", semaure kancil saka kadohan.

Kethek sing sumurupbarang nggadhul ing pang srikaya kang sacedhake kebak woh srikaya mateng-mateng wiwit ngiler, age-age menek. Sadurunge nabuh gonge Nabi Sulaiman, Kethek ngundang kancil sepisan maneh. "Ciiiiiiiiiiil, kepriye yen saikiiiiiiiii.....???"

Dienteni sawetaran karo mangan srikaya wis ora ana wangsulane kancil. Bungah atine kethek bakal bisa ngrungokake swara gong kagungane Kanjeng nabi Sulaiman. Agahan munggah nyedhaki pang papan gumandhule omah tawon gung. Ditilang-tilingake sawetara, banjur, "bruuugggg" si kethek ngantem omah taon gung kuwi sakayange. Mesthi wahe tawon gung sing ana jeroning susuh padha bubar, ngruyuk kethek, ngentupi sarandune aawak.

"Wowww,..... wadhuuuuuuuuuuuuh, tobaaaaaaaaat" srikutan si kethek mudhun saka wit srikaya mau. nanging tawon gung kang nesu tansah nututi lumayune ketehek karo ngentupi. Weruh ana kedhung, si kethek ambyur nyilem sajerone kedhung nganti sawetara ngampet ambegan. Bareng dirasa tawon gung wis padha lunga, si kethek mentas karo nggetuni nganti diapusi kancil. Atine kethek ngigit-igit kepingin males pokale kancil. Kethek iku lungguh dheleg-dheleg karo ngrasakake awake sing lara abuh dientupi tawon.

(Kutulis kembali sesuai ingatanku atas dongeng Simbok sebagai pengantar tidur sewaktu kecil)

KEMBALI KE ARTIKEL


LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun