Mohon tunggu...
KOMENTAR
Catatan

Luru Kabecikan

11 Agustus 2014   17:59 Diperbarui: 18 Juni 2015   03:50 33 1
Ceritane aku wingi moro ning dukun karo kancaku jengenge Aziz Nurson. Cah loro ki asline yo podo pengen mati, tapi golek dina apik seh. Akeh dukun ning Pati, tapi aku mantep karo dukun sing sijji iki, jenenge mbah Soetoyo.
"Mbah, kapan dina apik kanggo mati ning wulan sesuk?" takonku.
Sawise ngerti wetonku, mbah Toyo mulai ngitung.
"Ora ana le? malaikat izroil lagi istighosahan karo malaikat liyane," ngendhikane MbaH Toyo.
"Wulan iki?" Takone kancaku.
"Lha awakmu wis duwe sangu?"
"Durung."
"Cocotmu! Kowe moro aku wae sangu gula, kopi, karo rokok, moro marang Pengeran malah ora sangu!"
"Lha iki arep jaluk jimat kanggo sangu, mbah."
"Utekmu mbledhos! Minggat!"
Aku lan kancaku langsung mlayu. Suwe-suwe yen tak pikir maksude minggat sing dimaksudke Mbah Toyo ki lunga saka samubarang kang ala marang kabecikan kaluhuran sadhurunge lunga menyang Pengeran Sejatining Kamulyan.

KEMBALI KE ARTIKEL


LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun