Mohon tunggu...
KOMENTAR
Humor Artikel Utama

Buruh Irit Mangan

3 Mei 2015   05:37 Diperbarui: 17 Juni 2015   07:26 17 0

Dirno wis setahun kerja ning Bekasi.  Dadi karyawan kontrak ning perusahaan sing gaweni karton.  Gajihe nek diitung-itung ora sepira, nanging kudu tetep gelem dilakoni, awit wegah ngganggur.

“Nganggur kuwe ora kepenanak ning awak”

“Dirasani ning sapa bae”

“Sing jelas ora duwe duwit”

Kaya kuwe ceritane dhewekwe maring kanca-kancane.

Nek mlebu warteg, Dirno mesti pesen sega rames model paket  ekonomi.

“Segane separo bae, mbak,” kaya kuwe bukakane maring sing nglayani

“Lawuhe nopo Mas?” si mbak njur takon

“Tempe goring siji, mbak”

“Nopo malih?”

“Ana sayur kangkung?”

“Wonten, Mas!”

Si Dirno njur wangsulan,” Duduhe bae!”

“Nopo malih?”

Si Dirno balik takon,“Ana jangan jengkol, Mbak?”

“Wonten, Mas?”

Si Dirno njur wangsulan maning,”Ya wis, duduhe bae!”

Bar kabehane dituruti si Mbak Warteg, Dirno njur aweh pesen singkat nganggo peragaan isyarat tangan.

”Dicatet ya Mbak!”

#SUGENG MANGAYUBAGYO DINTEN BURUH……MAY DAY

_________________

Oenthek Cacing, 03 Mei 2014

KEMBALI KE ARTIKEL


LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun