Mohon tunggu...
KOMENTAR
Sosbud

Jeng Ranomi Kromowidjojo Nyabet Emas

3 Agustus 2012   08:25 Diperbarui: 25 Juni 2015   02:17 1069 3

Yen ono sing krungu jeneng Ranomi Kromowidjojo mesti ngiro yen dheweke iku wong Jowo, utowo paling ora, wong Indonesia.

Opo maneh yen krungu dheweke menang lomba nglangi neng Olimpiade, juara nomer siji lan entuk medali emas, mesti tambah ora percoyo. Pawarto koyo iku mesti dikiro guyon. Utowo salah nulis jenenge. Oro maido yen podho kaget amargo ora tau krungu ono atlet nglangi Indonesia sing ngganggo jeneng Kromowidjojo.

Nanging bareng ditamatke seko pawarto-pawarto sing ono, tibake pancen bener jenenge Ranomi Kromowidjojo sing menang neng lomba nglangi satus meter Olimpiade 2012 neng kutho London, Inggris. Nanging bocah wadhon sing umure lagi selikur taun iki tibake dudu seko Indonesia, nanging seko negoro Londo.

Bareng ditelisik memburi, pancen bener dheweke ono keturunan Jowo. Kromowidjojo iku sakjane seko jenenge embahe sing pancen keturunan Jowo nanging urip neng negoro Suriname. Pancen okeh wong Jowo Surimane sing saiki dadi wargo negoro Londo.

Contone salah siji koncoku sing tau lungan neng Londo urusan gawean naliko neng pengadilan Amsterdam malah diajak ngomong boso Jowo: “ono urusan opo mas? Arep nggoleki sopo?” jare salah siji petugas sing neng bagian administrasi, sakwise ngerti nek dheweke seko Indonesia, ndilalah koncoku wong tuwane seko Jowo.

Dheweke lahir neng ndeso Sauwerd, kabupaten Winsum, Groningen, Londo. Dheweke pancen seko jaman bocah wis seneng nglangi. Karo wong tuwane dheweke dilebokke kelompok nglangi sing temenan nganti iso mlebu tim negoro Londo.

Mbak Ranomi pancen gedhe bakate lan tekun anggone latihan. Pantes pancen yen wis akeh lomba nglangi sejagad sing dimenangi, seko tahun 2005 kepungkur. Neng Olimpiade iki, dheweke menang neng lomba nglangi satu meteran kanthi nyathet wektu 53 detik lan mecahke rekor donya. Sakdurunge mlebu final dino Kamis tanggal 2 Agustus 2012 wingi, dheweke ugo wis jawara kanthi nyathet wektu 53.05 detik.

Mugo-mugo semangat, ketekunan lan prestasi Mbak Ranomi Kromowidjojo iso dadi panutan atlet-atlet Indonesia. Selamat ya Mbak …

KEMBALI KE ARTIKEL


LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun