Mohon tunggu...
KOMENTAR
Bahasa

Sampun Dhugi Wolak Walik ing Zaman

14 April 2011   05:44 Diperbarui: 26 Juni 2015   06:49 715 0
Turene simbah, sak niki sampun walak-walik ing zaman.  Lare sak niki sampun mboten ngertos utawi kirang toto kromo, mbok menowo enten nggeh namung tinggal sekedik mawon.  Lha, pripun, sak niki zaman ne nggeh benten kaleh zaman simbah riyen.  Nek, zaman ne simbah riyen niku, utawi ajeng kepanggih kaleh calon garwo mboten sami kaleh zaman sak niki.  "riyen, mboten enten pacaran-pacaran, koyo to zaman sak niki"..!! Lha pripun ajeng pacaran, kenal mawon mboten, malah dijodohake niku". Turene simbah malih : "dijodohake niku, sakjane kulo nggeh mboten trisno.  Tapi soyo suwe, katresnan niku enten teng njero ati.  Nggeh bener ature tiang-tiang : Trisno jalaran seko kulino". Seng penting nrimo seng dhiparingi Gusti Allah. Padahal niku kulo dijodohake lho.  Nek, zaman sak niki.. nggeh mboten enten model dijodoh-jodahake.. sampun mboten zaman Siti Nurbaya maleh.  Jodoh.. nggeh padhos kiambak.. pundhi seng dhi senengi lan di tresnani. Tapi nggeh aneh, seng padhos kiambak.. niku kok malah nggeh kathah seng mboten sae, kathah seng pisahan.  Lha nek zaman simbah, kulo dijodohake kaleh tiang sepuh, tapi Alhamdulillah dhugi sak niki nggeh sae mawon dhugi dahdhos simbah-simbah niki.  Sakjane niku kalepatan ne saking ati kiambak.  Utawi ati niki saget nrimo nopo mawon seng dhiaringi Gusti Allah, Inya Allah sedhanten masalah saget rampung.  Ati niku kudhu enten sifat sabar lan nerimo. Sakteruse, nek riyen niku, bocah wadon upami mlamlah-mlampah ngangge pit, upami mbonceng lenggae nggeh miring mboten enten seng koyo sak niki, mlangkah.  Upami taseh ngangge celono panjang nggeh saget dimaklumi, lha pripun upami ngangge rok, terus lenggae niku mlangkah.  Wah.. simbah mripate dhadhos rasane niku kelilipen lan bruwet.  Upami di sawang  nggeh mboten ilok, tapi nggeh pripun maleh, koyone sampun zaman ne ngeten niki. Ngghe niki namung pengalaman ne simbah nggeh.  Mboten enten nopo-nopo, nopo malih muatan politis, masalahe kan sak niki zaman ne poilitik-politik.  Simbah mboten ngertos masalah niku.  Cekap semanten nggeh, mugi-mugi lare-lare  sak niki saget nagertos nopo mawon seng dhadhos petunjuk e Gusti Allah. sumber tulisan : http://primaya.blogspot.com (my blog) sumber gambar : facebook komunitas wong jowo

KEMBALI KE ARTIKEL


LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun