Mohon tunggu...
KOMENTAR
Cerpen

Aku Berhak Nduwe Kalodhangan Kang Padha.

16 Agustus 2023   08:28 Diperbarui: 20 Agustus 2023   08:32 136 1
"sing iso dadi bos yo mung lanang Lis, kowe iki ono wae" kondo bocah lanang paras
e pethak lan dhuwur. Nathan jenenge, tetuwa klas kang paling disegani akeh guru amarga
sipat kepemimpinane. Stigma-stigma koyo ngene iki kang nggawe wadon kaya nduweni
wates jroning ruwang gerake lan ngrasa ora nduweni hak kanggo milih kauripan kang
dheweke kabeh karepake. "modelmu sing koyo ngono arep dadi bos? ahahaha perusahaanmu
cepet bangkrut sing ono Than, isomu mung ngongkon-ngongkon wae, ora ono aksine" Najwa
jelas mbantah tetembungan Nathan, dheweke ngrasa drajade dadi wadon diudhunake.
Kanggo Najwa nempuh pandhidhikan yaiku hak nggo kabehing wong, becik lanang utawa
wadon. Wadon nduweni kalodhangan kang padha karo lanang kanggo ngembangake dhiri lan
nggayuh gegayuhan.

KEMBALI KE ARTIKEL


LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun