Mohon tunggu...
KOMENTAR
Cerpen

Kepayon

8 Maret 2023   14:15 Diperbarui: 8 Maret 2023   14:23 188 0

Joko ngusap kringet sing dleweran ngliwati bathuke. Bocah kuwi ora katon kesel babar blas, kamangka wis rong jam olehe ngethekur. Tangan tengene nduliti lem banjur dioleske marang kertas tipis. Tangan kiwane nggujengi ragangan layangan. Sakwise diolesi lem banjur kertas turahane dilempit mlebu. Pinggir kertas diluruske miturut garis potlot. Layangan gaweyane Joko pancen rapi tur alus.

Sedina iki mau, Joko wis ngasilake 20 layangan kertas. Layangan-layangan iku digambari maneka warna. Uga dipasangi buntut sing dawane ana sing nganti rong meter barang.
"Joko, wis leren sik, Le. Gik adus terus maem. Kat esuk kok durung leren to kowe, " Ibu pangandikan banjur lenggah neng dhingklik mburine Joko.
"Nggih, Bu. Niki kirang sithik. Mengke bar niki gik kula ajeng adus, " jawabe Joko karo tangane nglumpukake cuwilan kertas sing ora kanggo banjur dibuwang neng ikrak.

KEMBALI KE ARTIKEL


LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun