Mohon tunggu...
KOMENTAR
Cerpen

Lincak

5 Maret 2023   18:43 Diperbarui: 5 Maret 2023   18:44 151 5
Lincak

Lincak kuwi saksi bisu, awake dewe sak pejagong. Crito ngalor ngidul ora ono enteke. Ora kroso wektu pirang pirang jam nganti bokongku kroso tepos amargo kakeyan lungguh.
Crito karo sliramu anane mung bungah. Amargo kowe pinter nggowo roso. Sok-sok nganggo nyiwel pipiku saking gemesmu.

Kuwi kabeh ngelam-lam ono ing netraku. Mungkin saking kangene atiku pengen sak pejagong meneh karo sliramu. Gegojegan, crito bareng ngundhat undhat kenangan sing ora bakal ilang soko atiku.

Lincak kuwi saksi bisu. Dheweke sing krungu naliko kowe ngandharake rasa tresno marang aku. Alon nanging gawe atiku bengong koyo bagong konangan pas nyolong. Sauntoro ora bisa ngomong. Ora percoyo karo kupingku dewe.

KEMBALI KE ARTIKEL


LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun