Mohon tunggu...
KOMENTAR
Catatan

Kiye Nggo Wong Kalisabuk

20 Februari 2013   03:15 Diperbarui: 24 Juni 2015   18:01 745 1
Kalisabuk kuwe desa nang Kecamatan Kesugihan, Cilacap, Jawa Tengah, Indonesia. Jenengan Dusun sing nang Desa Kalisabuk ya kuwe: Gebang Kuning, Mertelu, Bonmanis, Gumelar, Pringtutul, Banteran, Pwewden, karo Brondong. Jerene jenengan Kalisabuk dijiot kang kejadian awal desa Kalisabuk, pas diriwayatna Desa Kalisabuk diubengi kali sekang bekas perjalanan kayu wit aren sing jerene gede banget, anu digawa nang wong sakti sing nganggo sabuk, bentuke kali sing mubengi desa kiye. Kalisabuk berbatasan karo Desa Slarang nang sebelah wetan karo kidul, Desa Karang Kandri karo Kuripan Induk nang kulon lan berbatasan karo Kesugihan nang mbang lor. Pegaweyan utama wong Kalisabuk ya kuwe tani, ana sing kerja dadi nelayan nang kisik, ana sing dadi bakul nang pasar (pasar Kalisabuk, Pasar Kuripan, karo pasar Gede Cilacap) tapi ana juga sing kerja nang Korea, Taiwan karo nang Arab. Nek enyong, umaeh ana nang Dusun Gumelar sing dadi pusat aktivitas pemerintahan (ana Bale Desane), pendidikan (ana SD, MI, MTs karo MAN), perekonomian (ana pasare), karo olahraga (anu ana lapangane). Dusun sing paling adoh dewek kuwe Dusun Pringtutul karo Mertelu.

KEMBALI KE ARTIKEL


LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun