Mohon tunggu...
KOMENTAR
Puisi Pilihan

Seratan Dinten Jumat

3 November 2023   21:12 Diperbarui: 3 November 2023   21:27 75 2
Luur ...
Alhamdulilah luur, kito taksih kaparingan sehat wal afiat,
kito taksih kaparingan yuswo lan sempat,
kito taksih kaparingan bugar lan sehat,
sedoyo meniko dipun wastani nikmat,
nikmat saking Gusti Allah engkang ndamel jagat,
saget netepi  Qur'an, Hadis, Jama'ah, meniko rojo-rojonipun nikmat.

Luur ...
Supados hidayah meniko mboten ical lan mencelat,
monggo sareng-sareng noto niat,
tapi luur, ampun ngatos salah niat,
salah niat saget nyebab-aken awak-e dewe tersesat.

Luur ...
monggo sareng-sareng ngaji, ngamal, mbelani agomo, sambung jamaah, ugi taat,
"lima bab" meniko kedah kito ugemi erat-erat,
ampun kesupen tansah remen mirengke nasehat,
ampun kesupen tansah njagi babagan ugi wedal sholat,
rutin ngaos Al-Quran, alon-alon waton khitmat,
sregep rawuh acara amrin jami', rawuh-ipun mboten telat,
mboten kathah ijin, kathah sambat,
rutin infaq lan sodoqoh, ampun kawatos mlarat,  
nemen-nemeni perintah Allah, perintah Rosul, ugi pengatur arupi ijtihat,
wos-ipun sansoyo dangu wonten jamaah, kito sansoyo nggadhahi iman kiat,
pungkasanipun, kito sedoyo saget sukses ndonyo ugi akherat.

Cekap semanten nggih luur, engkang saget kulo serat,
nyuwun pangapunten menawi lepat,
Luur ... tetep semangat, anti sambat.

KEMBALI KE ARTIKEL


LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun