Mohon tunggu...
KOMENTAR
Puisi Pilihan

Kekancan

31 Oktober 2023   18:18 Diperbarui: 31 Oktober 2023   18:48 65 1
Opo to Kekancan iku ?

Kepisan, kekancan iku, ati-ati lek podho ngendikan,
ben ora nglarani atine liyan.

Ke-loro, kekancan iku, sumber-e  kebajikan,
bebarengan menehi nasehat pitutur sing temenan,
ben ora podho kelangan keimanan.

Ke-telu, kekancan iku, tansah biso andhap asor ing bebrayan,
di adohi pamer kekayaan,
di adohi pamer jabatan,
di adohi pamer kepinteran,
mergo kabeh mau tibak-e mung titipan,
muk siji sing kudu dicekel, yo-iku kataqwaan.

Ke-papat, kekancan iku,
yen ketemu podo podo jabat tangan,
seneng uluk salam,
ngadohi seneng cecongkrahan,
ben langgeng oleh-e seduluran,
sampek akhir zaman.

Ke-limo, kekancan iku, seneng gegojekan,
ora  perlu pethenthengan,
ora perlu emosian,
opo maneh sampe ngamuk-an,
Lamun tetep dijogo kerukunan.

Ke-enem, kekancan iku, tansah pangapuro-pangapuronan,
sepodo-podo konco lek onok kalepatan.

Ke-pitu, kekancan iku, seneng ngajak temuan,
seneng ngajak mangan-mangan,
masak-masak bareng di dahar barengan,
wis to pol mantap tenan.

Nyuwun pangapunten, meniko namung dolanan,

KEMBALI KE ARTIKEL


LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun