Mohon tunggu...
KOMENTAR
Humaniora

Udan Awet Gawe Blentung pada Konser

6 Desember 2020   20:41 Diperbarui: 7 Desember 2020   14:45 944 12
Udan dina kie marem nemen, awit esuk tekan saiki wis bengi esih bae tas-tis udane. Udane tah ora patiya gede nemen cuma deres trus awet.

Udane gawe mager alias males gerak, pan metu ya sungkan atis trus njaba umah kemricek becek. Kietah tutug sedina njero umah bae.

Kumbahan juga laka sing garing, esih teles klebes apamaning sempake ora garing-garing, mangkane pan dinggo ganti ngesuk.

Yen kas udan ya biasa nang desa sing esih akeh sawah karo karangan mesti bengine budeg daning suara blentung, kodok cilik sing bisa metu suara 'tungkek-tungkek'. Blentung biasa metu suara yen lagi udan utawa bar udan, metu suarane biasa wayah pan maghrib.

Blentung bahasa kenene, ana juga sing ngarani kintel. Gusti Allah hebat, nyiptakena blentung bisa suarane khas karo nadane seirama saut-sautan karo blentung liane gawe nada suara apik dirungokna kaya penyanyi lagi konser gedean. Jajal angger blentung suarane beda-beda mungkin ning kuping ora enak dirungokna gawe budeg tok.

Memang katon asri nuansa pedesaan ya kaya kie, adoh sing keramean gawe ati adem trus tenang.

*tulisan dalam bahasa brebesan

KEMBALI KE ARTIKEL


LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun