Mohon tunggu...
KOMENTAR
Dongeng

Kabeh Iku Sedulure Dewe

17 Desember 2013   23:30 Diperbarui: 13 Juli 2015   12:21 129 2
Coba rasakno panase srenggenge, tetesing udan lan silire angin.

Opo sing iso ngrasake ming wong sing rupane bagus,  sing rupane ayu ? Rak ora to.  Sing rupane elek yo iso ngrasakake.

Opo sing iso ngrasake ming gubernur, menteri, presiden ? Rak ora to. Sing dadi tukang becak, tukang parkir yo iso ngrasakake.

Opo sing iso ngarasake ming alim ulama, pendito, bikshu ? Rak ora to. Preman, koruptor, mafia yo iso ngrasakake.

Iku tegese tresnaning Gusti Allah kanggo  sopo wae, ora pilih sih.

Jare manungso iku anak turune Nabi Adam, ing ateges kabeh iku isih  sedulur,  tunggal bopo biyung ing rikolo semono.

Jare manungso iku diparingi budi pekerti kang duwur .  Mahluk kang duwur dewe drajate.

Lha nanging manungso kok ora kelingan menowo kabeh iku isih sedulur, ming bedo nasib.  Seneng yen wong liyo rekoso, seneng yen iso nindes liyan, ora seneng nek wong liyo urip penak.

Ing tahun 2014 mas Besut kuwatir nek  ngarepe Pemilu ono ontran-ontran kang ndadekake bangsa Indonesia terkotak-kotak. Podho memungsuhan.

Mugo- mugo, kabeh poro punggawaning projo sing kapilih mengkone  iso ngayomi rakyate kanthi adil. Kados dene Gusti Allah maringi srengenge, angin lan banyu kanggo sak titahe manungso.

Nuwun

KEMBALI KE ARTIKEL


LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun