Mohon tunggu...
KOMENTAR
Puisi Pilihan

Ngaku Sugih

25 Agustus 2020   20:41 Diperbarui: 25 Agustus 2020   20:38 37 6
NGAKU SUGIH
Oleh : Lukman Nur Hakim

Ngaku sugih
mobil apik regane larang
Metunan anyar sing pabrik
Apa ditumpaki
lagi sing duwe mati
Ngaterna tekan kuburan
Malah tumpangene gene wong liya
Pada karo wong mlarat
Sing ora duwe apa-apa

Ngaku sugih
Tanahe hektaran
Kaplingane puluhan
dikubur bae neng tanahe wong liya
Ora neng tanahe dewek
Pada karo wong sing umahe ngontrak
Ora duwe apa-apa

Ngaku sugih
Umahe apik
Megah
Tingkat
Kuburane pada karo wong liya
Sing umahe gubug
Langka temboke

Ngaku wong sugih ....


Randusanga. 25 Agustus 2020

KEMBALI KE ARTIKEL


LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun