Mohon tunggu...
KOMENTAR
Puisi

Geguritan Karya Linda Yusli

24 Desember 2022   22:50 Diperbarui: 24 Desember 2022   22:57 409 4
Pitungan

Itung sing gawene gawe buntung.
Ora diitung jare ora nyambung.
Tresna wes jeru, weton e ora cocok karo angenmu.
Wes kenal bapak ibu, arahe jebule buntu.
Pengarepane iso sandingan ing pengantenan.
Kasunyatan manut omongan e wong tuo sing dadi paugeran.
Bakal dilanjut tiwas cilaka, ora dilanjut kebacut tresna.
Banjur, sing salah sapa?
Amung bisa nerima.
Wes kadung tresna jebule kepenggak itungan jawa.
—Linda Yusli
Ngawi, 21 Desember 2022


Katresnan Ora Pungkas

Pengeling-eling tansah kelingan.
Marang kedadeyan sing ora iso diulang.
Senajan amung sedela anggene bebarengan.
Nanging ora iso lali nganti pungkasan.

Brebes mili eluh ora iso dimandhegna.
Ora lila yen sliramu wis ora ana ing ngarepe mata.
Amung iso temu ing ngipi.
Ngobati kangen sing ngeridu ati.

Angen-angen iso bali beberengan.
Nyambung katresnan sing durung rampung tekan pungkasan.
Nanging mung iso ndedungo kaleh gusti.
Mugi-mugi iso dadi kasunyatan pengarepanne ati.
—Linda Yusli
Ngawi, 24 Desember 2022

KEMBALI KE ARTIKEL


LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun