Mohon tunggu...
KOMENTAR
Puisi Pilihan

Prasetyaning Sabdapalon

28 Januari 2021   11:57 Diperbarui: 28 Januari 2021   12:29 117 5
Nalika samana brabak abang,
pasuryaning pun Sabdapalon,
Sabdapalon matur yen arp misah,
barng didangu lungane mnyang ngndi,
ature ora lunga, nanging ora manggon ing kono,
mung ntpi jnnge Smar,
nglimputi salire wujud,
anglela kalingan padhang.

Sang Prabu diaturi ngyktosi,
ing besuk yen ana wong Jawa ajnng tuwa,
satriya iku langkung mlarat,
datan mawi sangu ing praptaneki,
namung aggaman kawruh, sirullah ajinipun,
kagungan bala sato kewan anggegirisi,
Wujud kalabang kalajengking,
iya iku sing dimong Sabdapalon,
wong Jawa arp diwulang wruha marang bnr lan luput.

Ngesti welinge sang Aji duk ing uni,
dhawuhe sang Aji Sri Jayabhaya,
sang nata binathara,
Lamun jangkaning nusa wus tumeka,
Nora endhas lan buntute,
Pun Sabdpalon wus sumaguh,
Ngemong ingkang bakal mijil,
Lan ngirid byantokna,
Sagunging lelembut,

Bantul, Respati Wage, Wuku Watugunung, 28 Januari surya kaping 2021

KEMBALI KE ARTIKEL


LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun