Mohon tunggu...
KOMENTAR
Catatan

Critane "Sewise Grubugan" dadi "Grubugan"

16 Maret 2012   16:54 Diperbarui: 25 Juni 2015   07:56 936 0



Pirang dina wingi inyong update status neng Facebook sing isine andon nggedabrus plekara "tembung-tembung basa banyumasan". Lumangyan akeh kanca batir sing pada kersa medhar sabda pangendika nanggapi setatuse inyong. Seliyane kuwe inyong uga taren njaluk pitutur aring kanca batir (sing ora komen neng setatus) via inbox.

Werna-werna komen lan piwarah sing dengendikaaken. Krasa lan rumangsa kesuwun olih piwarah sing mesthine bakal lan kudune dadi gawe jembare pengertene inyong, neng catetan kiye agep tek critakna mulabukane inyong nyetatus lan taren-taren kaya sing demangsud. Mbok menawa liwat catetan kiye inyong bisa aweh gambaran, kenangapa inyong ndadak "pidato" kedawan tur ya debolan-baleni.

Senajan kaya kuwe, ora-orane koh inyong kaya agi metu sungune. Kabeh mau ana larah-larahane.

***

Neng Note kiye ana 2 (loro) naskah cerkak. "Sewise Grubugan" kuwe naskah cerkak sing tek kirim aring Majalah Ancas nalikane tanggal 4 Pebruari 2012, mbok menawane bisa demuat. Jebule demuat. Neng Majalah Ancas Nomer 24 Taun 2 Maret 2012, cerkak kuwe katon neng kaca 34-35 kanthi irah-irahan "Grubugan".

Ngretine jere cerkake inyong demuat neng Majalah Ancas merga ana batir sing aweh kabar, nalikane tanggal 6 Maret 2012. Tanggal 10 Maret 2012 akun Facebook Majalah Banyumasan Ancas aweh kabar via inbox jere, "mangga kang,cerkake wis dewaca apa urung,tulung debandingna karo naskah asline ya kang"

Debandingna? Inyong penasaran, kepriwe mangsude debandingna kuwe?

Nalikane inyong kandhah urung ana Majalah Ancas neng kios koran/majalah sing deparani neng adhine inyong, akun Facebook Majalah Banyumasan Ancas laten ngendika, "Jan ngapurane anu sing tukang ngirim akeh pisan sing dekirim nganti gutul luar jawa dadi cokan ora kekirim,mampir meng ancas bae mas"

Temenan. Dina Selasa 13 Maret 2012 inyong nampa Majalah Ancas sing dejikot adhine inyong aring kantore Ancas. Sewise maca lan niteni --jere kon mbandingna-- cerkak sing demuat, inyong laten kirim pertakonan aring akun Facebook Majalah Banyumasan Ancas.

Isine kaya kiye:

"kulanuwun..sugeng ndalu..mugi-mugi ANCAS tansah sugih kawilujengan..

kepareng matur, sederenge kula nyuwun pangapunten..

sepindhah, kula ngaturaken panuwun dene naskah kula Sewise Grubugan sing kula kirimaken dikersakaken lepacak wonten ANCAS..maturnuwun ugi kula sampun deparingi majalahe, adhi kula sing mendhet wonten kantore Ancas..

kaping kalihe, kula kepengin tangled, punapa inggih sampun dados "kebijakan redaksi" Ancas ngedit lan nggantos isine naskah ingkang badhe kepacak?

kula sampun maos majalahe lan radi kaget ningali "beberapa perubahan" ing cerkak punika..

punika ingkang kula aturaken,

maturnuwun.."

Tekan Rebo esuke durung olih tanggapan. Inyong ngirim pertakonan maning:

"halo, bagaimana..apa bisa memberi tanggapan atas pertanyaan saya?

(saya tidak berbahasa jawa, kawatir ada bahasa jawa saya yang tidak berkenan di hati anda)"

Olih jawaban. Dina kuwe uga:

"Ya kang,ngapurane ora crita disit. Kabeh naskah sing mlebu maring redaksi pancen sedurungu muat kudu deedit disit,utamane masalah bahasa.Editore langsung pemred bapak Ahmad Tohari. Babagan cerkake rika miturut redaksi kayane ora ngowah-owahi intine crita,tulung ancas dekoreksi mbokan salah.sewun"

Inyong nanggapi:

"oo..kaya kuwe?

pangampurane baen..

kiye merga inyong ora pinter basa, nganggo ngoko baen ya..

pangampurane maning, inyong nganggo baen, ora nganggo bae..

1. apa aran Kaji Dalhar duwe makna utawane bab wigati sing khusus tumrape Pak Ahmad Tohari?

2. ana tambahan tembung "ora" neng ukara "madan bombong" dadi "madan ora bombong", iloken karepe ukara loro kuwe padha apa ora yah?

3. ujarku, kula agi ora ngelakoni "tukar-tambah" kreatifitas, kula kirim naskah cerkak niku mbok menawane koh saged demuat, angger mboten mranani tumrap redaksi, tolih redaksi kagungan hak kangge mboten muat naskah cerkak niku..

senajana naskah cerkak niku pancen wonten lan kathah kekiranganipun, kados koh hak kreatifitas lan imajinasi cerita kula sing gadhah..

angger sewijine naskah kudu diedit oleh redaksi minangka persyaratan dimuat, kula kinten penulise duwe hak untuk diberitahu lebih dahulu.

salam kula katur Pak Tohari,

pangampurane baen, kesuwun.."

Ngkana semaur:

"intine ancas maturnewun kanggo masukane lan kritikane,mengko teksampekna langsung maring sing edit."

Inyong matur:

"iya, inyong ya kesuwun banget.."

***

Ndeyan sing padha kersa maca catetan kiye ngasi tutug, bisa mbandingna antarane "Sewise Grubugan" lan "Grubugan". Ana siji lan liya-liyane sing ora padha antarane "Grubugan" seng ana neng Majalah Ancas, debandingna karo "Sewise Grubugan" sing tek kirimaken. Sengaja ora tek tengeri apa sing miturut pinemune inyong beda lan nggumunaken. Senajan uga ana siji lan liyane sing (mbareng dadi kaya sing neng "Grubugan") kayane ya patut baen lan ora patiya krasa bedane). Nyumanggakna aring para maos.

Neng catetan kiye inyong ora duwe kepenginan lan ora agi matek aji kebombongen utawane pamer jere cerkake inyong demuat neng Majalah Ancas. Malahan, inyong dhewek nganti duwe pinemu mbok menawane cerkak kuwe demuat mung merga ngepasi agi ora ana naskah cerkak liyane maning. Anane kiye ya mendah, ndeyan soten. Mbok mengkone koh para maos --mbareng wis niteni lan nutugna nggulih maos-- kagungan pamanggih jere isine catetan kiye deanggep dudu plekara sepiraha, mung plekara sepele, mangga kula aturi paring deduka neng kolom komen sengisore catetan kiye.

Ngaturaken salam taklim, inyong njaluk pangampura. Kesuwun.

***

SEWISE GRUBUGAN

Cerkake Ki Ali Jawa Ngapak

Urung baen sendhekala udane wis ora riwis maning, tambah gedhe. Gemrajage banyu sing anjlog sekang talang keprungu gedug njero, ngalahna swarane angin sing katon lerab-lerob neng pucuke wit klapa. Udan barat! Grubugane teka maning! Ratas sing nembe baen miwiti nggulih matur, katon ora jenjem nggulih njagong. Dheweke kemutan sing neng umah. Gendheng sing padha mlorod, lan bojone sing agi wetengan tua, dhewekan. "Kudu gagian bali!" batine Ratas prentah. Senajan durung olih tanggapan sekang sing duwe umah, sewise ambekan landhung, Ratas menyat pamitan.

"Pangapuntene nggih, Pak..kula wangsul krihin."

"Kaya kuwe? Iya, ya..Tas..Dengati-ati agi udan gedhe" Sing duwe umah nggulih semaur semune madan bombong mbareng dhayohe pamitan.

Sewise salaman Ratas gagian baen metu, ora salam acan. Sing duwe umah ya ora menyat nguntapna dhayohe gedug lawang. Njagong baen neng korsine dheweke mung nyawang wedang bening neng meja sing megin wutuh. Nglirik kleyabe Ratas sing mlayu ninggalna latare, dheweke mbatin, "Ora ngajeni temen kae bocah. Wis ping telu kiye aring ngeneh megin ora gelem nyambat Pak Kaji aring inyong. Mayanen tekane ya kur andon adol welas. Ujar-ujare, koh.."

***

Nerak udan gedhe, katon angger Ratas kemudu-kudu gagian butul ngumahe. Nyawang ngalor, langit sing meh sendhekala wis katon nggregemeng. Ngarah gagian butul dheweke sengaja milih nrabas liwat sawah jog tabet pesarean kuna sing manggon neng wetan desa. Sekang tabet kuwe aring umahe wis perek, sejigrangan. Ora idhep teles kejebes dheweke mlayu nggendring.  Sandhale capit decangking, sikile katon trampil nggulih jligrangan neng sendhuwure galengan. Wong sing weruh sekang kadohan bisa ngarani ana setan agi playon wayah sendhekala.

Sedawane mlayu pikirane Ratas nyanyah-munyah. Bojone sing agi wetengan tua mesthi agi trataban atine. Umah sekepel sing depanggoni kae pancen wis tuwa, umah warisan sekang bapa biyunge. Senajan saka-sakane megin kukuh, ningen tabag-tabage wis padha bolong. Neng mburi, empyeg-empyeg pedangane wis kudu decagaki. Brunjunge umah wis ora patiya jejeg. Kuwe baen ketambahan wis kelangan wuwungane merga kesamplok grubugan telung dina dhur winginane. Grubugan kuwe uga marakena akeh gendheng sing padha mlorod. Mesthi baen angger udan barat kaya kiye onana maning sing kena nggo aling-aling penglari seusuk renge. Marakena dadi gampang tepone. Mbangkanen umah kuwe umure lewih tuwa sekang Ratas. Bisa debayangena kayangapa susah kewatire Ratas.

Jane ora kur kahanane umah sing dadi pikirane Ratas. Ana maning sing lewih dekewatirna Ratas. Dudu sing ana neng umahe, ningen sing neng njaba umahe. Neng mburi umahe, sekulone empyeg-empyeg pedangane, ana wit besiar loro sing bulete wis ana karotengah meter. Dhuwure aja takon, malah neng tengah-tengah ya padha ana pagakane, rungkude godhong ora prelu decrita. Angger grubugane agi teka, besiar-besiar kuwe nggulih penthiar-penthiur jan medeni pisan. Mbangkanen Ratas ngreti angger besiar kuwe ganu-ganune anu cangkokan. Mbangkanen saben wong ya ngreti angger wit cangkokan kuwe ora duwe oyod sing manjlep jero mengisor. Ngadeg ngayer-ayer mung decagak oyod gedhe sing nyrambah ngiwa nengen. Soten apa oyod-oyod kuwe kuwung ngladheni kekuwatane grubugan sing katone seneng banget pamer rosa dolanan godhong neng pucuke wit-witan?

Sendhekala wis meh sempurna. Langit sing kebek dening udan kuwe wis ora patiya katon. Ratas wis gedug pinggire tabet pesarean kuna. Kringete sing mesthine mariwe-riwe ora katon buktine merga kesiram udan sedawane mlayu. Ambekane sing rebut rucun kuwe negtokna suwara hah..hah..hah... Dheweke njagong sedhela neng ndhuwur watu gedhe. Sengaja ngaso seperlu ngumpulna tenaga nggo manjat nrabas gumuke Kaji Dalhar. Neng walike gumuk kuwe umahe Ratas. Gumuk mereng ngidul sekulone tabet kuwe pancen duweke Kaji Dalhar, neng ndhuwur kana nyambung karo kebon besiare. Umahe Ratas persis batian kebon sisih wetan, persis neng ngisore wit besiar gedhe.

Sendhekala wis ilang. Langit sing katisen merga udan barat kuwe wis kemulan peteng. Apal dalan merga kulina, Ratas wis mipil manjat, madan mrangkang. Ratas ora wani mlayu manjat. Dudu merga ora duwe tenaga nggo mlayu, ningen lidhigan mereng kuwe ora bisa deplayoni, ndrawasi. Banyu sing ndleweri lemah bisa marakna kepleset, mbangkanen neng kana ngisor watu item pating jlugadhag. Debatiri udan barat sing semear-sear, Ratas mbrangkang. Setengah jam lewih nembeke gedug ndhuwur, kebon besiar sing rata. Ratas laten wani mlayu maning. Ora let suwe Ratas wis gedug sisih wetane kebon besiar. Mbareng gedug ngumahe, Ratas mandheg. Njubleg. Ngayeg-ayeg. Sambate, "Gusti Pangeraaaaaaaannnnnnnn!!!!" Ratas ambruk. Semaput.

***

Ratas ora teyeng semaur. Rempuge Kaji Dalhar wis genah. Dheweke sanggup mbantu wragad nggo ngadegna maning umahe Ratas. Pak Lurah sing megin tunggal karo Kaji Dalhar ya melu mbombong atine Ratas. "Wis, Tas. Aja depikir banget-banget. Kabeh wis kedadian. Untunge ya ko megin ketiban begya. Angger sore kuwe bojomu ora agi ngendhong tolih mbuh kepriwe nasibe. Sekiye mung gari ko sing aso baen pikire. Kiye Uwa Kaji ya gelem mbantu wragad nggo ngadegna umahmu sing anyar mengko. Dadi ya aja degawe susah nemen-nemen."

Krungu ngendikane Pak Lurah sing kaya kuwe Ratas megin meneng baen. Pikirane temlawung, mbayangna kayangapa iloken penguripane neng umah sing anyar, umah sing ora neng tanah warisan kiye maning. Karepe Kaji Dalhar kaya-kaya koh ora bisa derempug maning. Uwane Pak Lurah kiye gelem mbantu wragad nggo ngadegna umahe Ratas sing anyar, malah kayune besiar sing rubuh ya depasrahna nggo binah usuk lan liya-liyane, ningen ana syarate.

Syarate ya kuwe tanah pekarangan sing dienggoni Ratas sekiye kudu dedol sisan, aring Kaji Dalhar iya. Omonge Kaji Dalhar, "Angger ko nekad manggoni tanah kiye baen, ya bodhowa. Inyong ya ora teyeng menging. Ningen inyong teyenge ya kur mbantu ko semending. Ora teyeng nyanggupi ngedegna umah segluntung. Sebabe wit besiar kae rubuh ya dudu karepku, kabeh kuwe wis dadi karepe sing gawe urip. Agi wingi-wingi kae ko bola-bali njaluk inyong ator wit besiare, tolih inyong wis ngomong. Gari ko baen sing aja manggo neng kene. Kaderan pekarangan kena dedol ikih, inyong ya gelem tuku seumahe, senajan umahe ya ora bakal tek panggoni. Utawane pekarangane dedol, umahe deboyong, kaya kuwe tolih teyeng. Lah, ko malah ora gelem manut. Ko mung ngugemi ora kepengin ninggalna tanah tantu, apamaning jere ngedol. Ya kaya kiye sekiye kedadiane. Inyong tah ora agi kesenengen nyawang apese nasibmu, inyong malah kepengin kepriwe supaya ko ya kepenak, ayem, ora wedi kerubuhan wit maning. Jajalen depikir sing temenan."

Ratas bingung. Senajan ganu bapa biyunge ora tau wekas utawane menging aja ngasi tanah kiye dedol, ningen Ratas ya kemutan pituture wong tuwa-tuwa. Jere, sapa-sapaha sing ngasi ngedol tanah tantu warisan sekang bapa biyung, brarti wong kuwe ora ngregani aring lara lapane wong tuwa sing trukah ngurip-uripi penguripane. Sejarahe kaki nini bakal mandheg neng tanah tantu kuwe. Mbangkanen sejarah sing mandheg jere sejarah sing sedhela maning bakal delalekna, bakal ilang.

Ratas durung teyeng semaur. Pitukone Kaji Dalhar jane ya lumrah, patut tumrape rega tanah umume. Dheweke kepengin taren dhisit aring bojone. Pamitan karo Pak Lurah lan Kaji Dalhar, Ratas bali. Sedawane dalan pikirane ora kena detata, rasane gemrungsung. Ana jengkel, ana gela, ana mbenerna rempuge Kajine.

Bojone mapag mbareng Ratas gedug ngumahe Kang Kuwat, tanggane wetan umah sing agi detunuti ngiyub.

"Kepriwe, Kang?" takone sing wadon mbareng Ratas njanggong neng tundhagan.

Ratas ora gagian semaur. Dheweke nyawang wetengane bojone sing wis tuwa. Nylinguk ngulon, dheweke nyawang wit besiar sing megin ngadeg ngayer-ayer, ora melu rubuh ketunjang grubugan. Ratas kemutan, Kaji Dalhar wangkot ora gelem negor senajan wit sing sijine wis ngrubuhi umahe Ratas. Jere, wit kuwe kon gedhe semendhing maning, arep nggo binah usuk angger anakke lanang gawe umah.. (Tutug)

*****************************************************************************

GRUBUGAN

Daning Ki Ali Jawa Ngapak

Urung sendhekala udane tambah gedhe. Gemrajage banyu sekang talang keprungu gutul njero ngalahna swarane angin sing katon lerab-lerob neng pucuke wit klapa. Udan barat! Grubugane teka maning! Ratas sing nembe molahi mbukak omong, katon ora jenjem goli  njagong. Dheweke kemutan sing neng umah. Gendheng sing padha mlorod lan bojone sing agi wetengan tuwa, dhewekan. "Kudu gagiyan bali!" mbatine Ratas. Senajan durung detanggapi neng sing duwe umah, karo ngunjal ambekan landhung, Ratas menyat pamit.

"Pangapuntene nggih Pak, kula wangsul krihin."

"Kaya kuwe? Iya, ya, Tas, Dengati-ati agi udan gedhe" Sing duwe umah goli semaur semune madan ora bombong mbareng dhayohe pamitan.

Sewise salaman Ratas gagiyan metu, ora salam acan. Sing duwe umah ya ora menyat nguntabna dhayohe gutul lawang. Njagong baen neng korsine, dheweke mung nyawang wedang bening neng meja sing megin wutuh. Nglirik kleyabe Ratas sing mlayu ninggalna latare, dheweke mbatin, "Ora ngajeni temen kae bocah. Wis ping telu kiye maring ngeneh urung gelem nyambat Pak Kaji maring inyong. Mayanen tekane ya mung andon adol welas. Ujar-ujare, koh..."

***

Nerak udan gedhe Ratas katon kemudu-kudu gagian butul ngumahe. Nyawang ngalor, langit sing meh sendhekala wis katon nggregemeng. Ngarah gagian butul dheweke sengaja nrabas liwat sawah joge tabet pesarean kuna sing ana neng wetan desa. Sekang tabet kuwe aring umahe wis perek, sejigrangan. Ora idhep teles kejebes dheweke nglepat mlayu.  Sandhal capite decangking, sikile katon trampil goli jligrangan neng sendhuwure galengan sawah. Wong sing weruh sekang kadohan bisa ngarani ana setan agi playon wayah sendhekala.

Sedawane mlayu pikirane Ratas nyanyah-munyah. Bojone sing agi wetengan tuwa mesthi agi trataban atine. Umah sekepel sing depanggoni pancen wis tuwa. Umah warisan sekang bapa biyunge. Senajan saka-sakane megin katon kukuh, ningen tabag-tabage wis padha bolong. Neng mburi, empleg-empleg pedangane wis kudu decagaki. Brunjunge umah wis ora patiya jejeg. Kuwe bae ketambahan wis kelangan wuwungane merga kesamplok grubugan telung dina ngedhur winginane. Grubugan kuwe uga marakena akeh gendheng padha mlorod. Angger udan barat kaya kiye ora ana maning sing kena nggo aling-aling penglari seusuk renge. Kabeh teles kejebes kena banyu udan sing marakena dadi gampang tepo kayune. Mbangkanen umah kuwe umure lewih tuwa sekang Ratas. Bisa debayangena kayangapa kewatire Ratas.

Jane ora mung kahanane umah sing dadi pikirane Ratas. Ana maning sing lewih dekewatirna Ratas. Udu sing ana neng umahe, ningen sing neng njaba umahe. Neng mburi umahe Ratas, sekulone empleg-empleg pedangane, ana wit besiar loro sing bulete wis ana karotengah meter. Dhuwure aja takon, malah wis padha ana pagakane, rungkude godhong ora prelu decrita. Angger grubugane agi teka, besiar-besiar kuwe goli penthiang-penthiung medeni pisan. Ratas ngreti angger besiar kuwe ganu-ganune cangkokan. Mbangkanen saben wong ngreti angger wit besiar cangkokan ora duwe oyod sing manjlep jero mengisor. Ngadeg ngayer-ayer mung decagak oyod gedhe sing nyrambah ngiwa nengen. Soten apa oyod-oyod kuwe kuwung ngladheni kekuwatane grubugan sing katone seneng banget pamer rosa dolanan godhong neng pucuke wit-witan?

Sendhekala wis meh sempurna. Langit sing kebek dening udan kuwe wis ora patiya katon. Ratas wis gutul pipire tabet pesarean kuna. Kringete sing mesthine mariwe-riwe ora katon merga kesiram udan sedawane mlayu. Ambekane sing rebut ucul negtokna suwara hah..hah..hah. Ratas njagong liren sedhela neng ndhuwur watu gedhe seperlu ngumpulna tenaga nggo manjat nrabas gumuke Pak Kodar. Umahe Ratas neng walike gumuk kuwe. Gumuk mereng ngidul sekulone tabet kuwe pancen duweke Pak Kodar, neng ndhuwur kana nyambung karo kebon besiare. Umahe Ratas persis batian kebon sisih wetan, persis neng ngisore wit besiar gedhe.

Sendhekala wis ilang. Langit sing katisen merga udan barat wis kemulan peteng. Apal dalan merga kulina. Ratas molahi mipil manjat, madan mrangkang. Ratas goli ora wani mlayu manjat ora merga langka tenagane nggo mlayu. Goli manjat lidhigan merga mereng ora bisa deplayoni, ndrawasi. Banyu sing ndleweri lemah bisa marakna kepleset, mbangkanen neng kana ngisor watu ireng pating jlugadhag. Debatiri udan barat sing semear-sear, Ratas mbrangkang. Setengah jam lewih nembeke gutul ndhuwur neng kebon besiar sing rata. Ratas njuran wani mlayu maning. Ora let suwe Ratas wis gutul sisih wetane kebon besiar. Mbareng gutul ngumahe, Ratas mandheg. Njubleg. Ngayeg-ayeg karo sambat, "Gusti Pangeraaan!!!!" Ratas ngletak. Semaput.

***

Ratas ora teyeng semaur. Rembuge Pak Kodar wis genah. Dheweke sanggup mbantu wragad nggo ngadegna maning umahe Ratas. Pak Lurah sing esih tunggal karo Pak Kodar melu mbombong atine Ratas. "Wis, Tas. Aja kejeron goli mikir. Kabeh wis kedadeyan. Ko klebune esih ketiban begya. Angger sore kuwe bojomu ora agi ngendhong toli mbuh dadi apa. Sekiye ko sing aso bae pikirane. Kiye Uwa Kaji ya gelem mbantu wragad nggo ngadegna umahmu sing anyar mengko. Dadi aja kedawan gagang degawe susah nemen-nemen."

Krungu omongane Pak Lurah sing kaya kuwe Ratas meneng bae. Pikirane temlawung, mbayangna kayangapa iloken penguripane neng umah sing anyar. Umah anyar sing ora neng tanah warisane bapane.

Karepe Pak Kodar kaya-kaya wis ora bisa derembug maning. Pak Kodar gelem mbantu wragad nggo ngadegna umahe Ratas sing anyar, malah kayune besiar sing rubuh ya depasrahna nggo binah usuk lan liya-liyane, ningen ana syarate. Pak Kodar aweh sarat tanah pekarangan sing maune dienggoni Ratas kudu dedol sisan maring dheweke. "Angger ko arep nekad manggoni tanah kiye ya bodowa. Inyong ya ora teyeng menging. Ning inyong teyenge mung mbantu ko semending. Ora teyeng nyaguhi ngedegna umah segluntung. Ananae wit besiar kae rubuh ya udu karepe inyong, kabeh wis dadi kersane sing gawe urip. Agi wingi-wingi ko bola-bali prentah inyong ator wit besiare, toli inyong wis ngomong. Gari ko bae sing pindah toli bisa. Kadaran pekarangan kena dedol ikih, inyong ya gelem tuku seumahe, senajan umahe ya ora bakal tek enggoni. Utawane pekarangane dedol, umahe deboyong, kaya kuwe toli teyeng. Lah, ko malah ora gelem manut maring omonge inyong. Ko mung ngugemi ora kepengin ninggalna tanah tantu, apamaning jere ngedol. Ya kaya kiye akibate. Inyong tah ora agi kesenengen ko kapesan. Inyong malah kepengin kepriwe supaya ko ya kepenak, ayem, ora wedi kerubuhan wit maning. Jajalen depikir sing temenan."

Ratas bingung. Senajan ganu bapa biyunge ora tau wekas utawane menging aja ngasi tanah kiye dedol, ning Ratas ya kemutan pituture wong kuna. Jere, sapa-sapaha sing ngedol tanah tantu warisan padha karo ora ngregani maring lara lapane wong tuwa. Sejarahe kaki nini bakal mandheg neng tanah tantu kuwe. Mbangkanen sejarah sing mandheg jere sejarah sing sedhela maning bakal ilang.

Ratas urung teyeng semaur. Pitukone Pak Kodar jane lumrah, patut tumrape rega tanah umume. Ratas arep taren rembugan dhisit karo bojone. Pamitan karo Pak Lurah lan Pak Kodar, Ratas bali. Sedawane dalan pikirane mowak-mawik, gemrungsung pengrasane. Pikirane jengkel, gela mikirna rembuge Pak Kodar.

Bojone mapag mbareng Ratas gedug ngumahe Kang Kuwat, tanggane wetan umah sing siki agi detunuti ngiyub.

"Kepriwe, Kang?" takone sing wadon mbareng Ratas njanggong neng tundhagan.

Ratas ora gagiyan semaur. Dheweke nyawang wetengane bojone sing wis tuwa. Nylinguk ngulon, dheweke nyawang wit besiar sing megin ngadeg ngayer-ayer ora melu rubuh ketunjang grubugan. Ratas kemutan, Pak Kodar wangkot ora gelem negor senajan wit sing sijine wis ngrubuhi umahe dheweke. Jere, wit kuwe kon gedhe semendhing maning, arep nggo binah usuk angger anakke lanang gawe umah.

***

KEMBALI KE ARTIKEL


LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun