Mohon tunggu...
KOMENTAR
Cerpen

[Cerkak Banyumasan] Nalikane Petruk Gugat

28 Desember 2011   17:10 Diperbarui: 25 Juni 2015   21:38 455 2
Awan kuwe, Kang Tiwan singsotan turut dalan. Bali sekang umahe Pak Untung andon utang-utang dheweke rumangsa ayem atine. "Njikot rapote Sutar ngesuk ora prelu isin! Tunggakane buku bisa delunasi!" Kang Tiwan mbatin. Nrabas kebone wong ora liwat dalan gedhe, ora let suwe kang Tiwan wis gedug ngumahe.

"Olih apora, Bapane? Aring sapa sih sidane?" pitakone Mbekayu Jum kambi ngejogna teh nggo sing lanang.

Kang Tiwan ora gagian nyemauri, malah takon anakke lanang. "Sutar sih mendi? Dolan karo batire apa maring ngendi?"

"Sakuwan tah mau rame-rame karo batire padha ngetuburi wong met pete. Belih, lah. Mbok menawane bali-bali olih sekeris rong keris. Kepriwe olih apora, koh?" Mbekayu Jum njejeri jagong neng risban.

"Tenang baen. Aja kewatir." Kang Tiwan semaure glaha-glehe. Nyruput teh sing desandingna Kang Tiwan nerusna semaure, "Tiwan kiye megin deprecaya ngewong. Utang-utang ya cem bruk, wong ana sing nggo caya. Gedhang telung thundhun kae neng Pak Untung malah deregani larang. Ambon nangkane patangpuluhan dadi wolungpuluh, kepoke tah mung rongpuluh. Dadi etungane inyong deutangi satus, nyaure ngemben angger gedhange wis tuwa sisan kon dejujugna. Beres, mbok?"

Krungu semaure sing lanang, Mbekayu Jum malah bada-budu kambi ndrememel, "Alah-alah...kuwe tah arane ya dudu utang. Kuwe tah arane ya wong adol-adol. Rika ngarani larang? Larang sepiraaaaaaaaa? Genah rong dina wingi baen Kaki Wakim wis ngenyang seket, koh. Rika sih kepriwen ngkana-kanane? Koh malah nggo caya utang aring Pak Untung. Rika nglomboni yah? Patangpuluh apa seket genahe kuwe?"

Weruh sing wadon katon jengkele, Kang Tiwan sing megin glaha-glehe malah ngguyu. "Sasahbusah..ko leh ngarani nglomboni barang. Nggo ngapa sih? Inyong ora nglomboni ora inyong. Genah patangpuluhan dadi wolungpuluh, kepoke rongpuluh dadi kabeh satus. Kiye neng sak duwite."

Mbekayu Jum megin urung bombong. "Ndeleng, kingeneh duwite."

Kang Tiwan malah cengar-cengir. Gagian baen semaur mbari ngedhengna duwit. Ora mung satus, ningen satus rongpuluh. "Hahaha..iya...iya...Iya kiyeh, kabeh satus rongpuluh. Pancen seketan, ora patangpuluhan. Wong ujarku sing seket nggo nglunasi bukune Sutar ngesuk, sing seket nggo sangu nonton wayang mengko mbengi, sing rongpuluh nggo cekelan ko. Nyah kiyeh decekel. Kepriwe, pinter mbok inyong, yah?"

Mbekayu Jum sing jane bombong atine kuwe megin menjep. Mbari nyaut dhuwit rong puluhewu, semaur, "Pinter iya tenimbang bocah cilik."

Kang Tiwan megin cengar-cengir. "Eh, Sutar baline megin suwe ndeyan, yah? Ko ora ap ngapa-pa mbok?"

Mbekyu Jum tambah menjep. Menyat banjur nutup lawang ngarep.

***

Wayange lakon Petruk Gugat. Senajan dhalange dudu Ki Sugino Siswocarito, ningen lakon kiye pancen mbetahi. mung katone Sutar wis ngantuk pisan. Mbokan karipan ngesuke, Mbekayu Jum milih bali baen ora nutugna nonton wayange.

Nalikane Petruk detundung lunga ora kepareng sowan lamun ora katimbalan, Mbekayu Jum agi kiter nggoleti sing lanang. Jane ya mau dheweke wis deomongi angger kepengin bali ya gari los, ningen Mbekayu Jum kepengin dejujugna bali. Sutar anake lanang sing wis keturon kuwe njaluk gendhong, ora gelem mlaku dhewek. Mbangkanen baline mlipir turut kebon tur dalane manjat iya, sekang lapangan desa ana sekilo adohe. Mesthi kesele tur dhasare ngantuk iya, dadi Mbekayu Jum njajal nggoleti Kang Tiwan kon nggendhong Sutar.

"Gembili gung..wohening tawang...Gedebugan solah ingwang...." keprungu swarane Petruk sing agi nlangsa ngawak. Kang Tiwan urung ketemu. Unggal padon presasat wis deubek-ubek, ningen ora katon blegere sing lanang. Njajal takon aring sapa baen, semaure jere, "Mbuh, leh..inyong ora slirik Kang Tiwan, Yu.." Malah ana sing penjorangan nggulih semaur, "Leeeeeeehhh..aya wene wis njaluk bali..arep ngeloni bocah apa arep ngeloni Kang Tiwan, Yu?"

Mbekayu Jum ora ngarah. Sikile wis krasa gapeh ngubengi lapangan. Sutar wis angob-angoban baen. Melas aring anakke, sidane Mbekayu Jum metu sekang lapangan, bali bareng-bareng karo tanggane padha. Urung baen ngliwati bakul rangin sing lor dhewek, Sutar wis turu neng gendhongan. Neng lapangan megin keprungu swarane Petuk sing celak-celuk ramane sing aran Gandarwapati. "Rama, ingkang putra kula Petruk pejah, rama...."

***

Esuk-esuk Mbekayu Jum ngrajug. Randhu adhine sing bontot dhodhog-dhodhog kambi celak-celuk rosa pisan. Mbareng debukakna lawang jebule ora dhewekan, debatiri Man Warkim hansip.

"Ana apa, Ndhu, ana apa? Ngeget-geti wong baen. Ana apa, Man Warkim?" Mbekayu Jum gagian takon ora kober ngesupna sing teka.

"Ora ana apa-apa, Yu, ora ana apa-apa. Sekiye rika melu Man Warkim baen aring kelurahan. Kang Tiwan agi ngenteni neng kana." Randhu adhine semaur.

"Pak Lurah? Ana apa kiye, anu kepriwe Man Warkim?" Mbekayu Jum katon gumun tur bingung krungu bojone agi ngenteni neng daleme Pak Lurah.

"Wis ko aring nganah baen, Jum..bareng karo inyong. Mengko tolih genah kepriwe-kepriwene. Randhu belih kon tunggu umah mbatiri Sutar." Man Warkim hansip nuturi.

"Iya..iya..tapinen anu kepriwen? Inyong nggawa apa kiye aring nganah?" Mbekayu Jum katon sangsrang-sungsrung.

"Wis, oraha nggwani apa-apa. Wis mayuh mumpung urung akeh wong neng kana." Man Warkim semune ngadhem-adhemi.

Temenan. Esuk kuwe Mbekayu Jum dejujugna dening Man Warkim aring kelurahan. Batine deg-degan turut dalan.

***

Mingsek-mingsek turut dalan Mbekayu Jum ora patiya ngarah aring wong sing padha sapa aruh. Bali sekang kelurahan pikiran lan atine ora karuwan. Ana nlangsa, ana jengkel. Ngendikane Pak Lurah, jere mau mbengi Kang Tiwan dejotos ngewong. Sing dadi mergane ora liya ya plekara kipyik.

Manut critane Kang Tiwan, mau mbengi pancen ora tutug nggulih nonton wayang. Seliwate jam rolas, bojone karo Sutar anakke kon padha bali dhewek. Kang Tiwan dejek wong-wong lanang liyane padha ngopi nggo cagak lek. Bubar ngopi ora nutugna nonton wayang malah nylingker aring wetan lapangan niliki wong rubung-rubung senthir. Mulane degoleti nganti kiter dening Mbekayu Jum ya ora ketemu.

Kang Tiwan sing kawit nom pancen dhemen pisan aring kipyik, sidane ya methungkrok melu pasang. Lumrahe wong pasang kipyik ya ana kalane menang olih senajan pasangane kelarad ya bolan-balen. Kalah utawane menang kaya ora derasa. Anane kur ketungkul pasang, pasang lan psang. Saking ketungkule Kang Tiwan ora kelingan angger dhuwite wis suda akeh. Satus ewu kasile utang-utang mau ngawan kuwe kur gari rong puluhewu.

Lah, kedadiyane pas jam teluan esuk. Dhuwit rong puluhewu kuwe depasangna kabeh. Sing sepuluh ewu depasangna lima abang, sing limangewu nem ireng, sing limangewu papat ireng. Ndilalah pasangane kuwe deliper dening wong liya. Kang Tiwan ora menging merga pancen wis dadi lumrahe neng kipyikan kuwe pada liper-liperan, watone genah sing ngliper. Jebule pasangane Kang Tiwan kuwe deliperi mbuh neng sapa baen, mbuh ping pira baen deliper-liper.

Mbareng dhadhune debukak ndilalah pasangane Kang Tiwan metu kabeh. Kang Tiwan kesenengen. Gagian baen ngedheng aring wong sing ngliper keri dhewek. Ningen sing dejaluki ora ngrumangsani ngliper pasangane Kang Tiwan. Gubes dadi padudon. Onana sing gelem kalah, sidane Kang Tiwan dejotos dening bandare dearani gawe rubes. Jebule sing pada ngliperi kuwe anu serombongan karo bandare. Ora kur sepisan, Kang Tiwan wengi kuwe olih kepelan seora-orane ping lima. Raine padha bengep, bitha-bithu. Batire sing padha menangi ora wani mbela, mung teyeng misah karo nulungi Kang Tiwan. Mbareng ana hansip sing ngreti laten degawa aring kelurahan sing pancen perek karo lapangan.

Begyane Kang Tiwan, Pak Lurah ora-orane paring duka. Kang Tiwan kur dekon ngaso ngenteni esuk. Ngendikane Pak Lurah jere aja nganti ana sing lapor pulisi mbok dadi plekara, malah kedawa-dawa ula. "Wis, ko aja bali. Ko aja nganti lapor pulisi, mbok mengko malah ko sing nemu rekasa merga kipyik tolih genah delarang. Dhuwit sing wis ilang anggep baen ko kalah nggulih kipyik. Wis inyong ora gelem ngrewangi angger kiye dadi plekara. Wis nganah degawa ngedheng neng risban ngarep!"

Mbareng esuk kuwe Mbekayu Jum marani Kang Tiwan, Pak Lurah nembeke paring duka. "Mulane yah, Wan. Inyong tolih wis tau ngomong wara-wiri. Aja cokan pada main, main apa baen klebune kipyik. Jajal sekiyene, ko. Tukang nderes koh sewengi kelarad satus ewu. Ko agep nggolet ngendi kuwe duwit semono akehe? Angger ko tersinggung ngarani inyong ngenyek, inyong malah bungah. Brarti megin waras kuwe utekmu. Kuwe Tiwan omehi angger main amaning, Jum."

Gedug ngumah Mbekayu Jum megin mingsek-mingsek. Kang Tiwan sing kawit mau meneng sedwane dalan wis nyaut andhuk arep adus. Sutar sing wis adus agi dolanan karo Randhu pamane. Weruh biyunge wis bali, Sutar marani kambi takon, "Mboke, mengko sing marani rapot sapa? Bapane apa Mboke?"

Mbekayu Jum nglegeg. Ndeleng lawang ngarep sing ora detegi, ora nana wong liwat.

***

KEMBALI KE ARTIKEL


LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun