Mohon tunggu...
KOMENTAR
Cerpen

[Cerkak Banyumasan] Kardun Melu Kepungan

26 Desember 2011   14:09 Diperbarui: 25 Juni 2015   21:44 516 0
Wadaspitu, mangsa kanem, mangsan rendeng. Ora esuk ora sore presasat sing ana mung udan, udan lan udan. Penthere srengenge sedina-dina mung katon sekeclapan sedurunge kesaput mendung. Sing kaya kuwe mesthi baen marakena wong-wong padha ngresulah. Klambi-klambi sing depe, suluh-suluh sing dejereng, utawane pari sing deteras, kabeh pada suwe garinge. Kuwe baen megin ketambahan hawane wengi sing atis njekut. Akeh sing padha ora betah metu wengi merga wedi mbok masuk angin.

Senajan Wadaspitu pancen panggonan sing lewih dhuwur timbang desa-desa liyane, ningen mangsan rendeng sing biasane hawane kuwe lewih anget malah dadi tambah atise. Dudu atis merga semribide angin, tapi atis merga pancen hawane sing kaya ora adat sabene. Ora mokal angger ana baen wong sing kewengen nggulih bali sekang lelungan nemahi lara mriang merga masuk angin. Kaya dene Kardun.

Kardun sing pegaweyane dadi tukang ojeg agi mriyang, panastis. Ring dina wingi, wengi-wengi njujugna wong aring Pringpagak, bali gedug ngumah wis meh jam siji. Jane tah wis jaketan rapet, ningen meksa megin katisen dadi mriyange. Mulane Kardun neng umah baen, ora pahal ngojeg. Detunggoni sing wadon, Kardun gunane mrekungkung kemulan sarung. Katone nggulih masuk angin madan jahat. Wetenge wis labuh krasa plintar-plintir. "Lodong, kiye tah inyong ndeyan," Kardun ngresulah batine.

***

"Orahan mangkat, Kang... Rika tolih urung patiya kepenak, mbok?" bojone Kardun njajal menging sing lanang. Sore mau sedurunge sendhekala Kardun deundang kepungan slametan sewu dina sedane Ki Santalib bapane Pak Ramun. Nggulih undang-undang kambi njujugi brekat sisan. Mbareng debukak jan ora kaya brekate wong sugih. Isine akeh, lawuhe werna-werna, iwak wedhuse baen seplastik dhewek. Marem pokoke.

"Ora papa, lah. Wis madan entheng ikih kiyeh. Dhasare ya ora kepenak. Brekate wis dejujugna koh inyong ora teka..ya isin lah..mbok ndarani ora ngregani Pak Ramun." Kardun wangsulan kambi bebedan sarung.

"Ya bodhowa lah, ngonoh... Ngko angger kumat aja sambat aring inyong." sing wadon semune madan gela omonge ora degugu.

Temenan, sidane Kardun mangkat kepungan. Ora keri kuplukan, Kardun engkreg njujug aring umahe Pak Ramun.

***

Wong ndesa kuwe gedhe guyube. Mulane neng bale daleme Pak Ramun wong se-RT katon teka kabeh, lungguh sila temata neng gelaran karpet sing katon apik tur ndeyan ya larang pisan. Ngemuti kebecikane Pak Ramun sing wis-wis, kabeh padha temen nggulih ndongakena suwargi Ki Santalib. Ora suwe, let setengah jam baen wis rampung. Tumpeng sing pucuke ana lomboke abang detokna banjuran degempur dedum-dumaken sepiring ewang. Lawuhe janganan werna-werna sisan iwak wedhus sekokohane kaya sing neng brekat mau sore. Rempeyeke, krupuke lan mendowane ora keri. Kabeh padha katon ndilek nggulih ngrahabi sandingane sing ana.

Rampung nggulih mangan, deterusna themal-themil ngrahabi nyamikan. Sinambi dopokan rame-rame, meh kabeh padha udud. Senajan bale kuwe amba, ningen kukuse banget ubleke saking akehe sing padha udud nglepus. Kardun sing agi ora kepenak udud, mung katon beka-beku ngrungokna liyane kandhah. Njagong neng padon dheweke katon pringas-pringis mbuh agi kepriwe.

Mbareng wis madan suwe, wong-wong padha pamitan. Kanti kesuwun pisan, Pak Ramun ngeterna sing padha menyat gedug lawang. Swasana wis sepi, kabeh wis padha bali. Ora, ana sing urung bali. Kardun megin njagong sila neng padon. Pak Ramun jane weruh Kardun wis menyat ningen njagong maning. Mulane gagian baen Pak Ramun banjur mereki, mbatiri lungguh. "Ap ngapa sih Kardun deneng ora melu batire bali?" batine Pak Ramun gumun.

"Bali kerian baen, Dun. Nggo batir inyong." Pak Ramun ngapiki aring Kardun.

"Nggih, Pak. Napa mboten ngganggu bapake ngaso?" Kardun matur sambi pringas-pringis.

"Ora..ora. Malah inyong seneng ana batir kandhah. Agi waras ko, mbok?"

"Nggih, pangestune. Mung jane kula kepengin tangled sekedik niki. Tapi nyuwun pangapunten sederenge nggih, Pak?"

"Arep takon apa, Dun? Katone koh medeni temen. Anapa, sih?"

"Kados niki, Pak. Niki karpet koh sae temen, nggih. Jan, mbene weruh niki kula. Mundhut teng pundi, Pak? Mesthine awis, nggih?"

Pak Ramun gumun. Kardun takon tuku karpet neng ngendi lan regane pira? Mol jlajate tukang ojeg teyeng tuku karpet sing kaya duweke kiye?

"Keprimen sih, Dun? Ko kepengin tuku apa? Kiye ganu inyong tuku neng Puraketa. Regane ya larang. Inyong tah ora agi ngeyek aring ko, tapi apa ko duwe dhuwit sih nggo tuku sing kaya kiye?" Pak Ramun takon ngati-ati mbok Kardun perasaan.

"Nggih jane kados niki, Pak. Niki seumpama karpet niki kula tumbase kepripun, Pak? Bapake tolih saged mundhut sing langkung sae saking niki. Kepareng nggih, Pak?"

"Alalalah..deneng sih kaya kuwe, ko? Ujar-ujarmu, sih. Ya ora bakalan tek dol kiye karpet. Wis aja aneh-aneh, ko." semaure Pak Ramun ora ngolihna.

Kardun sing megin pringas-pringis kuwe laten ngarih-arih, "Nggih kula nyuwun melase Bapake, lah. Kula jan kepengin sanget duwe karpet niki. Mboten kula utang mboten, Pak."

"Ora, Dun...ora. Ora agi dhiri, ora agi umuk, ningen inyong ya agi ora butuh dhuwit ngedoli karpet barang. Pokoke karpet kiye ora tek dol. Wis, titik." Pak Ramun semaure wis madan kesuh.

Kardun megin urung gelem kalah. "Mboten pareng, Pak? Sepalin mawon? Nggih kula nyuwun tumbas semeter persegi sing saweg kula lenggahi niki, lah. Mbok saged, Pak?"

Pak Ramun suwe-suwe metu jengkele. "Ora, Dun..ora baen. Ora separo ora semeter persegi. Ora tek dol! Ko krungu?"

Krungu semaure Pak Ramun rosa kaya kuwe Kardun sing megin prangas-pringis njuran njajal meden-medeni. "Niki kados niki, Pak. Umpamane kula wantun nguyuhi, kula kotori buang tek karpet niki, mesthi Bapake marengaken kula tumbase, mbok?"

Pak Ramun kaget krungu Kardun ngomong kaya kuwe. Ningen Pak Ramun mikir, "Mentakan temen si Kardun wani ngotori karpete inyong? Ujar-ujare inyong degrag kaya kuwe laten ngalah apa kepriwe?" Ora gelem kalah grag, Pak Ramun semaur ngatonena muntab jengkele, "DHAPURMU, sih! Wani-wanine, ko?! Ya, ngonoh! Angger ko wani ngotori karpet kiye neng ngarepku, ko olih tuku karpet kiye. Jajal, kepriwe sekiye, ko?"

Ngreti sing duwe umah males ngegrag, Kardun mbari dungas-dungis semaur, "Mpun, Pak...mpun niki! Kula awit wau mpun mboten kuwat nahan buang. Mulane niki kula mboten menyat melu bali batir-batir."

Pak Ramun mecicil. Mendelik. Duka yayah sinipi.

***

KEMBALI KE ARTIKEL


LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun