Mohon tunggu...
KOMENTAR
Cerpen

[Cerkak Banyumasan] Benahan Sing Nyalawadi

23 Desember 2011   10:38 Diperbarui: 25 Juni 2015   21:51 370 1
Wong se-RT gegoh. Ana werta jere Martono arep pegatan! Umah tangga sing katone ayem tentrem kuwe jebule bakal ora langgeng. Lanang wadon sing katone rukun kuwe arep pisahan. "Jane anu kepriwen sih iloken, yah?" pitakone wong-wong padha gumun.

Lumrah baen angger wong-wong padha gumun. Umah tanggane Martono angger desawang sekang njaba katon sarwa kecukupan. Warunge sing mau-maune cilik-cilikan neng ngarep umahe, merga modhale terus ketambahan sekang dhuwit kirimane sing wadon, sekiyene dadi warung sing gedhe lan akeh dodolane dhasare laris payu iya. Sing wadon ana sepuluh tahun ngode dadi TKW neng Malaysia. Kirimane dhuwit ya ora tau lat tur ya kanjat sisan. Neng Martono deenggo nggedhekena warunge. Ora ana seperak-peraka sing nggo abrul-abrulan neng Martono. Aring tanggane Martono cokan kandhah, "Ya nggo bukti aring bojo mengko angger wis bali. Kon weruh angger kasile ngode kuwe ana buktine neng ngumah."

Sekiye setahun sewise Maryati, arane bojone Martono, kumpul maning karo bojone malah jere arep pegatan. Mesthi baen akeh sing padha ora ngira. "Dunya ana, malah kena darani turah-turah. Apa iloken merga tekan seprene urung duwe anak, yah?" kaya kuwe wong-wong padha krisikan.

Pancen umah tanggane Martono kaya ana sing kurang. Brayan urip karo Maryati wis olih limolas tahun seprene urung deparingi momongan. Jane ya ora kurang-kurang wong loro kuwe nggulih mersudi nggolet sarana. Priksan aring dokter spesialis ya wis tau. Ngendikane dokter jere Maryati ya sehat tur ya subur, "Tidak ada masalah." Njaluk tulung aring wong pinter ya wis bola-bali. Piwarah-piwarahe ya wis delakoni. Ningen seperene durung kesembadan ana kasile.

Senajana kaya kuwe, Martono ora suda rasa tresnane aring bojone. "Ya ora papa, lah. Mbok menawa pancen wis kersane Gusti Allah ora maringi anak. Ora tek gawa nlangsa apamaning kuciwa. Sing penting inyong maju tuwa ya kudu lewih gedhe sukure wis deparingi dalan rejeki sing cukup kaya kiye. Inyong wis banget bungahe duwe bojo sing senajan teyeng ngode sing kasile gedhe, ningen megin kemutan tur gelem bhekti aring wong lanang." kaya kuwe kandhahe Martono aring wong-wong mamerna apike Maryati bojone.

Gelise wong kandhah, umah tanggane Martono kuwe katon ayem tentrem ora ana kurange. Ora tau krungu jere agi padha reyang padu. Sing lanang ya lumrah tur banget tresnane aring bojo, sing wadon ya katone ngreti aring kewajiban aring wong lanang. Mulane kabeh padha gumun mbareng keprunge jere Martono arep pegatan karo bojone. Ora ana sing bisa ngira-ira apa jane sing dadi gara-gara. Wong se-RT mung teyeng gegoh ngandhahna plekara kuwe.

***

Setahun wingi pas Maryati bali, Martono aruh-aruh kon orahan lungan maning, neng umah baen. Sewise delirih-lirih, sidane Maryati ora mangkat maning aring Malaysia. Martono sing banget bungahe teyeng kelon saben dinane, cokan keceplosan omong angger agi kandhah karo tanggane. "Lah, ya kon ngaso lah. Wis suwe ikih nggulih dadi TKW. Inyong ya kepengin nyanding bojo. Kaya kae nana ya nden eman-eman ayune, mbok?" kaya kuwe busanu nggulih mamerna angger bojone kuwe ayu. Pancen Maryati ya klebune wong wadon ayu tura ya pinter dandan. Dadi ya patut baen angger Martono cokan pamer ayune sing wadon.

Bebasan ora ana kukus angger ora ana geni. Semana uga umah tanggane Martono. Awit bali sekang Malaysia, jane Martono nduweni rasa gumun lan penasaran aring bojone. Jane sepele. Mung plekara benahan sing dedelah neng ngisor kasur. Barange wujud jagung telung blinthi sing debungkus duwit seringgit Malaysia selembar. Ketemune ya ora sengaja pas arep meme kasur. Maryati sing detakoni mung semaur, "Genah kuwe tolih jagung telung blithi. Tek buntel duwit soten kon kira aja kepicat. Pancen sengaja tek benahi. Mung kenangapa tek benahi ya rika mawia takon. Anggep baen kuwe rahasiane inyong."

"Rahasia sing keprimen kuwe? Aring wong lanang koh maen rahasia barang" Martono penasaran.

"Ya rahasia, lah pokoke. Wis aja takon-takon maning. Kader anu barang kaya kuwe ikih." Maryati tetep ora gelem waleh rahasiane. Malah lunga nunggoni warung.

Ping pira baen Martono wis njajal takon plekara benahan kuwe. Takone ya alon-alon. Ningen ping pira baen ya Maryati wangkot ora gelem waleh kuwe jane anu benahan sing kepriwen. Ngomonge jere, "Kabeh wong ya duwe rahasia, sing penting ora gawe rusake umah tangga ikih."

Tutugane Martono ora mbaleni takon-takon maning. Benahan kuwe dejorna baen ngglethak neng ngisor kasur. Ana rahasiane apa, Martono wis ora mikirna maning. "Belih, lah..wong urip ya nden duwe rahasia dhewek-dhewek. Sing penting umah tanggane wutuh, ayem tentrem. Sekiye wis kecukupan, apa maning sing kurang?" kaya kuwe Martono nglipur atine dhewek, mbenerna omongane bojone.

***

Setaun lawase ora ana apa-apa. Martono wis ora maning-maning takon plekara benahan jagung kae. Wis tau dheweke nglirih-nglirih takon kepengin ngreti jane anu benahan sing kepriwen, malah meh baen dadi reyang padu. Dheweke sing ora kepengin gubes laten ngalah.

Tekan nganti dina minggu wingi. Pas arep meme kasur, Martono krasa ana sing aneh. Ana sing ilang. Benahane bojone sing rahasia kuwe wis ora nana! Martono tangi maning penasarane. Sekiye malah tambah, kenang apa benahan kuwe wis ora neng nggone? Benahan sing nyalawadi temenan.

Mbengine Martono takon alon-alon aring Maryati. Mikinen Maryati meneng baen ora gelem semaur, njaluk aja takon plekara kuwe maning. Ning Martono sing kaya wis ora kuat nahan penasarane, ngadreng kepengin ngreti. Omonge madan krungu atos, semune banget jengkele.

"Kiyeh, Bu. Jajal waleh baen, aja kumbi. Tekana kapan ya mesthi inyong tetep penasaran kepengin ngreti. Koh malah sekiyene barange baen wis ora nana neng nggone. Jane ana rahasia apa sih? Magen deomongna baen. Demadan ana ngajenine aring wong lanang!"

Maryati mrekabak raine. Atine deg-degan. Urung gelem ngomong apa-apa.

Jengkel bojone mung meneng baen, tangane Martono ngetab meja.  "BRAKKKKKKKK....!!!!"

Matane mecicil mendelik aring bojone. "Semaur, Bu!!!"

Maryati labuh mingsek-mingsek. Luhe labuh dleweran neng pipine sing alus. Alon-alon lirihan dheweke semaur, "Iya, Pak. Inyong arep waleh. Tapinen sedurunge inyong kepengin takon aring rika. Tek jaluk rika ya mangsuli jujur ora nglomboni inyong."

Martono ora mecicil maning. Ndeleng luh dleweran neng rai ayu kuwe Martono ora tega. Apamaning mbareng Maryati semaur jere gelem waleh senajan ndadak arep nakoni aring dheweke disit. "Lah, kaya kuwe tolih kepenak. Inyong tolih eman aring ko, Bu. Wis aja tangisan kaya kuwe lah. Eman-eman ayumu kuwe, koh." Martono megin kober nggombal aring bojone. Pancen Martono kuwe tresna pisan.

Maryati menjep. Menyat laten njagong njejeri sing lanang, dheweke takon, "Pak...jajal inyong arep takon. Rika ya sing waleh baen, inyong ya ora arep jengkel ikih. Gelem, mbok?"

Martono seneng pisan dejejeri bojone. Kambi ngelus-elus pipine sing wadon, dheweke semaur, "Iya, Bu. Tek semauri. Jane arep takon apa, sih? Koh kayane serius temen."

"Rika cokan dolan klayaban yah pas inyong neng Malaysia? Aring ngendi baen iya?"

"Dolan aring ngendi? Klayaban ngapa? Ko leh takone sing aneh-aneh."

"Halah, wong lanang jere. Mentakan temen tolih betah dewekan. Mesthi tau dolan jajan, iya mbok? Ngaku baen, inyong ora jengkel ikih. Inyong ya maklum wong pancene inyong ya ora neng umah, ora teyeng ngladheni rika saben dinane." Maryati karo menjep njawil sikute Martono.

"Hehehe..sing kuwe mangsudmu? Lah, ya ora susah deomongna lah. Mbok marakena dadi padu."

"Dadi rika cokan dolan iya? Sering apa kepriwen? Inyong ya kepengin ngreti, koh." Maryati madan meped nggulih njagong. Madan lendhotan.

"Temenan, ko ora jengkel? Ko leh aneh-aneh baen. Anu kaya kuwe koh kepengin ngreti."

"Gari kandhah, koh. Inyong ora jengkel ikih, yakin."

Martono madan ngguyu semending. Nyawang ayune Maryati sedhela, terus ngesun pipine.

"Kaya kiye, Bu. Ya pancen inyong ya tau ora tahan detinggal ko semana lawase. Bali-bali enggane kur rong tahun sepisan. Neng umah kur telung minggu, laten mangkat maning. Inyong ya krasa kapiran. Dadi ya cokan tek slimur semendingan. Tapi ora wara-wiri, yakin! Kur ping pindho thok. Kuwe baen saking seringe kemutan ko sing ayune kaya kiye...hhhhh...."

"Halah, nglombo. Pindho apa ping pira?" Maryati menjep tapi meneng baen desun pipine.

"Yakin, lah. Kur pindho. Angger kemutan ko inyong cokan krasa luput, dadi ora maning-maning. Wis, lah. Aja kandhah sing kaya kuwe. Sekiye gari ko, Bu. Jajal jane kae benahan sing kepriwe larah-larahe?"

Maryati tambah nglendhot. "Temenan, rika aja jengkel, ya? Inyong ap ora waleh angger rika jengkel."

"Ora, ora. Kapan sih inyong jengkel aring ko? Jengkel aring wong ayune kaya kiye tolih nden rugi dhewek." Martono megin kober nowel janggute bojone.

"Iya, wis. Inyong tek waleh. Jane inyong agi neng Malaysia ya tau dolan, Pak."

Martono kaget. Bojone sing lendhotan dekon mingser. "Ko? Iya? Sasah busah...Deneng sih tega temen aring inyong?"

"I..iii..iya, Pak.. Tapi jere miki rika arep ora jengkel angger inyong waleh. Ya, wis lah angger rika ap jengkel ya ngonoh." Maryati karo menjep ndengkul ora wani mandeng bojone.

Martono meneng sedhela. Ambekane delandungena. "Hhhhhh...Ganu tolih ko wis tek penging. Orahan ngode aring Malaysia. Ndeleng batirmu si Tuminah ngodene jere kanjat bayarane, ko ngadreng kepengin melu-melu. Ngomonge jere kepengin nggolet rejeki nggo sangu tua. Kiye kaya kiye dadine. Ko wani ngambah dalan ora bener. Mbangkan ganu tolih wis tek wanti-wanti...ko kudu bisa njaga awak, njaga keprecayaane inyong. Ko malah sekiyene krung sing kaya kiye, jan..hhhhhhhh....."

Maryati merek njejeri sing lanang. Karo nyekel tangane Martono, dheweke ngomong, "Ya inyong njaluk pangampura, Pak. Inyong anana ya ngrumangsani luput gawe dosa aring rika. Sekiyene inyong wis neng umah ikih, wis kesanding deng rika. Inyong ora arep mbaleni maning ikih."

"Dadi mau kae ko takon inyong tau dolan klayaban apora kuwe jane ko arep kandhah sing padha baen, yah? Leeeehh..teyeng temen ko enggane. Dadi angger inyong jengkel ya ko dadi teyeng nyalahna inyong ya padha baen, kaya kuwe mbok? Leeeeeehhhh.."

"Pangampura temenan, Pak. Inyong wis bali ikih kiyeh. Wis teyeng ngladheni rika maning ikih."

Martono sing jane madan gela kuwe ora teyeng maido aring bojone. Arep maido genah dheweke ya padha baen. Batine nyuwara, "Belih, lah..anu wis kelakon. Angger onana liyane sing ngreti nden ora dadi poyokan."

"Ya, wis..inyong ya mangampura lupute ko, ko ya kudu gelem mangampura lupute inyong. Tapi poma ya, aja debaleni maning. Apa inyong egin kurang cukup nggo ko?" Takone madan kendho.

"Ih..rika leh." Maryati wis ora menjep, wani nglendhot maning. "Iya, Pak. Pangampurane temenan. Inyong ya mangampura rika. Anu wis keliwat ikih."

Martono takon maning, "Lah, kae jagung telung blinthi kae anu kepriwe jane?"

Megin lendhotan bojone semaur, "Ya kuwe, Pak. Angger tes dolan inyong mbenahi jagung siji nggo pengeling-eling dosa lupute inyong aring rika."

"Dadi wis ping telu? Terus dhuwit seringgit sing nggo buntel kae anu kepriwen maning?"

Maryati meneng baen. Mripate wis ana luhe.

"Kepriwen, koh? Anu wis kadhung luput ganu-ganu ikih..Inyong jengkela kaya ngapa ya sing penting aja debaleni maning, koh. Dhuwit apa kuwe?"

Maryati meneng baen. Luhe wis dleweran. Mingsek-mingsek maning.

"Semaur, Bu...ora jengkel ora inyong. Anu wis kadhung kedadiyan. Ya wis belih, lah. Sing penting ko jujur tur ora mbaleni maning."

"Iya, Pak. Aja jengkel, ya?"

"Ora...ora.. Dhuwit apa sih?"

"Ya kuwe, Pak. Saben inyong dolan karo wong liya, inyog mbenahi jagung siji. Dhuwit seringgit kae olih-olihe inyong adol jagung."

Martono mecicil. Mendelik. Bojone desingkarna.

***

KEMBALI KE ARTIKEL


LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun