Mohon tunggu...
KOMENTAR
Cerpen

[Cerkak Banyumasan] Kaswad Ngilang

11 Desember 2011   03:57 Diperbarui: 25 Juni 2015   22:32 178 1



Kaswad dadi goletan, wis ana semingguan jere lunga ora nana sing depoyani. Bojone gunane tawang-tawang tangis kelangan sing lanang. Bapane karo mbokene, mertuwane Kaswad, wis kiter nggoleti aring ngendi ora. Deparani aring Wadaspitu nggone mbekayune wadon, ya jere ora neng kana. Degoleti butul Pringpagak nggone biyunge Kaswad, neng kana malah dadi tangisan. Takon aring batir-batire jere ora tumon iya. Kaswad ngilang!

***

Ora wani utang motor kalasan wurung dadi tukang ojeg, Kaswad nyambut gawe liyane. Ngode ngarit melu Kang Dawir bakul pari asal Wadaspitu. Ning ya kaya kuwe. Gunane degonjaki batir ngarit. Sing nggo wadanan ora liya ya prekara kutang. Kaswad sing ora kepengin nanggapi ya mung crangas-crenges thok. "Anu wis keliwat ikih belih. Sing penting ya rika ora maning-maning" omonge bojone precaya sing lanang pancen krasa ngajog.

Sewijining dina Yu Kartisem teka aring ngumahe. Dewekan! Malah nyangking tas kresek mbarang. Randa magel kuwe katon ayu seger moblong-moblong. Mesem nyambi kulanuwun, Yu Kartisem demanggakena senajan Kaswad atine glithusan, serba salah. "Hhh..kiye wong teka mbarangan..ngko ndangana ndarani sing ora-ora maning" batine nggremeng.

Kaswad jane bingung. Ora detemoni, dayoh. Detemoni, kepriwe. Deweke ngreti tekane Yu Kartisem paling ya arep nyaur mbayar kutang pesenanae wingi kae. Kutang sing dadi setan. "Gari prentah apa titip aring sapa tolih bisa koh ndadak sara teka dewek. Ap ngapa jane" batine Kaswad gumun pisan. Mbangkanen wektu kuwe bojone rewang urung bali sekang umahe RT-ne sing agi mantu.

Temenan. Nini randa pancen arep mbayar utange sisan kepengin ketemu karo bojone Kaswad seperlu njaluk pangampura. Deweke ngrumangsani luput wis gawe rubes aring umah tanggane Kaswad. Pada dene wong wadon, deweke bisa ngrasakna apa sing derasakena bojone Kaswad. Nembe ngeneh sekiye Yu Kartisem sengaja ngenteni sekabehane wis rereb, jengkel penalangsane bojone Kaswad sekulawarga wis ora mudhug-mudhug.

Seliyane kuwe, Yu Kartisem uga kepengin nawani Kaswad pegaweyan. Idep-idep gantine pegaweyan lawe-lawe sing kudu liren gara-gara polahe deweke. Deweke precaya Kaswad teyeng ngadepi pegaweyan kuwe. Jane ya bisa baen pegaweyan kuwe decekel dening wong liya. Ningen Yu Kartisem kemutan Kaswad. Atine condong aring Kaswad. Mbokmenawane kuwe kena nggo dalan seduluran antarane deweke karo bojone Kaswad.

Ana sewetara suwene wong loro kandhah ngalor ngidul. Gandeng bojone Kaswad baline sore, Yu Kartisem kelilan pamit ora ngenteni. Tas kresek kebek isi salak detinggal keri. Salaman nggegem tangane Kaswad kenceng pisan, wong ayu moblong-moblong kuwe ngomong, "Titip salam baen ya.. Rika tek enteni aring ngumah"

***

Pancen agi dadi lakone Kaswad. Sewise delirih-lirih, bojone gelem nampa omonge. Sidane temenan Kaswad nyanggupi pegaweyan sing detawakena nini randa, nggarap sawahe Yu Kartisem. Angger dietung-etung ya kasile maro mengkone nden lumangyan. Toh esih bisa desambi nyekel pegaweyan liyane ikih.

Urung baen genep olih semingguan, Kaswad wis dadi omongane wong-wong. Mikinen ya mung pada krisikan. Suwu-suwe laten dadi wani nggonjak moyoki. Jane Kaswad sing krungu ngreti ya isin, tapi deweke mbidheg ora peduli. Aring bojone deweke mung ngomong, "Belih aja deurusi. Sing penting ko precaya baen aring inyong. Wong krasa ngempani ora enggane pada reyang temen ngurusi pegaweyane inyong. Sing penting tolih inyong tanggung jawab, nggolet butuh nggo nyukupi umah tanggane dewek"

Bojone bisa nampa omongane sing lanang. Deweke ya wis tau aring nggone Yu Kartisem lan ngrasa angger Yu Kartisem kuwe wonge pancen apik kepenakan aring deweke lanang wadon. Deweke ya precaya sing lanang ora bakal mbaleni luput maning, senajan pancen ayune nini randa kuwe jan moblong-moblong pisan.

Nganti tekane sore kuwe. Bali sing sawahe Yu Kartisem, mertuwane wadon wis ngenteni. Kaswad dejagongna, deomehi entong bersih. Mertuwane krasa wirang anak mantune malah nggarap sawahe nini randa sing wis tau nggonjak luput. Kaya wong agi kencoten nggolet pangan ora idhep nggo grendengan dening liyan. Sing ngawaki oraha isin, sing dadi bapa biyung tetep kecipratan wirang. Kaswad kon liren, kudu liren. Kasab tah bodowa. Angger prelu ya jere kon ngode aring Jakarta apa ngendi nganah. Pokoke Kaswad dekramasi sore kuwe.

Kaswad ora semaur. Deweke ngreti ora bakalan mertuwane wadon kuwe ngrungokna semaure. Mung batine sing malah nyuwara, "Semakean kabeh jane yah..Pada semuci-suci temen kaya melu ngrengga butuhe liyan"

***

KEMBALI KE ARTIKEL


LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun