Jejel riyel uyel-uyelan. Kabeh ngenteni. Kabeh kepengin ngerti agep kaya ngapa kedadian sebanjure. Seperangan ana sing mbenerna Nini Suminem, senajan ora semending sing nganggep Nini Giyem ya sae-sae baen anggone ngukuhi pitik nenem kuwe mau. Oraha koh pada krisikan ngedu pinemu mbenerna sing siji ngluputna sing liyane. Gemrengseng swarane. Pak Lurah megin neng ruangan kantore rempugan karo Bau-ne lan RT-ne. Hansip 2 sing seragame wis ora genah warna ijone katon gisus nggulih ngeneng-ngenengna kabeh sing teka. Sinigeg.
Kocap kacarita Pak Lurah anggone rempugan katon banget kemeng lan bingunge. Depikir sepisan Nini Suminem genah bener mbelani hak deduwene. Depikir kaping pindho nyata sing kanggonan lan ngreksa barang bukti pancen Nini Giyem. Depikir kaping telu panjenengane pirsa menawa ora bakal loro-lorone bener, mesthi kudu ana siji sing luput. Ning Pak Lurah ora kepengin mbenerna utawane ngluputna siji lan sijine. Ngugemi jejering pengayom tumrap wargane, Pak Lurah sing pancen wis yuswa kuwe ngersakaken pamanggih sekang Bau-ne lan RT-ne kanggo nambah kalidamar murih plekara sing katon peteng enggal dadi padang byar penrawangan.
"Dhuh Gusti Pangeran, muga-muga inyong karahayon. Pak Bau lan Pak RT, jajal keprimen pinemune panjenengan kabeh. Wis genah, Nini Suminem ngukuhi hak deduwene, Nini Giyem rumangsa melu udhu-udhu anane si pitik rolas kuwe mau. Katone siji bener liyane ora luput. Jajal keprimen magen," Ngendikane Pak Lurah nyambi nyumed rokok nggo tamba rungsing.
"Nuwun sewu, Pak Lurah. Kadose Pak RT sing langkung ngretos kados pundi kedadosan sing sebenere, wong kula saking kebaon nggih namung nampi lapuran saking warga tirose wonten rame-rame teng bale dusun. Niku Pak RT mangga dilapurna baen katur Pak Lurah, larah-larahe keprimen deneng mung plekara ayam ngendog koh nganti butul aring bale desa. Pak Lurah sing mestine wengi-wengi agi sare ngaso, malah keraya-raya kudu melu menggalih bab sing kudune wis rampung neng Pak RT. Jajal matur baen," Pak Bau malah mbalangna pundhutane Pak Lurah aring RT-ne. Kanggo nutupi kekurangane, Bau-ne ora kurang akal nggulih ngalembana aring lurahe. Pancen julig kiye wong. Kaya kuwe baen megin ndadak ndudut rokoke Pak RT, desumed cus..jan, sae-saene ora sangu dhewek kiye wong.
"Nggih, maturnuwun, Pak Bau. Nuwun sewu, Pak Lurah. Nyuwun pangapunten sederenge. Estunipun kula nggih mboten sekeca kalih Pak Lurah, taksih wonten warga kula sing senenge koh ribut rebutan benere dhewek. Mung amargi saking bodone kula mawon dados nggih terpaksa kula bekta teng bale desa ajeng nyuwun keputusane Pak Lurah mawon. Palabukane kedadosan kados pundi nggih kados ingkang sampun Pak Lurah uningani piyambak wau teng pendapa ngajeng nika. Seniki mangga kersa Pak Lurah, kepripun putusanipun kula manut. Mangke kula sing sanggup ngatur warga kula, sing penting niku mpun wonten keputusan saking Pak Lurah", ature RT-ne kambi madan medosol merga Bau-ne sing detakoni koh malah indha ora ngrewangi babar siman. Andangan maning koh malah nunut udude sing kur gari telung ler. Kebangeten pisan. Jan mrengut temenan RT-ne. "Kapanane koh, yah baen...," RT-ne nggremeng sejerone meneng.
Pak Lurah jane ya setengahe wis pirsa menawa si Bau kuwe wonge senenge ngalembana, caraha sekiye ya carmuk, cari muka. Segagate dadi lurah nganti tekan sekiye, nembeke setahun punjul, si Bau pancen ora gawe kuciwa. Deprentah ngalor mangkat, dekongkon ngidul ora ngentengi dina ngesuk. Kabeh pengendikane Pak Lurah anane mung "inggih" lan "sendika". Mung pancen Pak Lurah durung pirsa apa sejatine "maksud dan tujuan" si Bau nggulih nganggo cara sing kaya kuwe. Seprana-seprene dejorna baen merga pancen ora utwane urung ana apa-apa sing patut desujanani, lapuran ala sekang warga ya ora nana. Kersane Pak Lurah agep deenteni baen mengko tolih genah-genah dhewek.
Awit Bau-ne lan RT-ne nyata ora bisa aweh pinemu kaya sing dijaluk, Pak Lurah sing sebenere ya wis duwe cara nggo ngrampungi plekara kiye mung manggut-manggut. Rokoke decuncek, jumeneng banjur ngendika,
"Ya wis, perkara kiye bakal tek putusi. Pak Bau lan Pak RT tek jaluk aja wedi kangelan melu-melu nentremna warga mbok nganti ana sing ora setuju karo keputusanku. Hansip loro kae kon pada siap-siap"
Gampange wong crita, Pak Lurah, Bau lan RT-ne wis neng pendapa bale desa. Nini Suminem neng padon kulon deg-degan, tangane nyekeli Si Blorok. Nini Giyem neng padon wetan wis ora sranta, kerdus isi pitik rolas megin kesanding. Si Blorok Kabeh sing maune pating gemrengseng sekiye klakep meneng. Kabeh ngenteni apa sing agep dadi keputusane Pak Lurah. Sapa sing bener, sapa sing luput. Malah ana sing mbatin, "iloken sapa yah sing menang?"
Kaya kuwe mau swasana neng bale desa. Kacarita durung nganti Pak Lurah ngendika, ketungka tekane swarane sempritan,
"Priitttttttttttt....priitttttt..."
"Minggir......minggir......"
Geger senalika gawe cingake kabeh sing neng pendapa. Ndapaha koh pancen ana wong anyar katon. Sing teka jebule megin Pak Dulkamid, tukang parkir neng Puraketa. Egin bareng se-RT karo Nini Suminem lan Nini Giyem, malah umahe ya mung keletan pekarangan. Senajan mung tukang parkir uripe katon kecukupan, umahe baen wis keramikan. Terase ya janggutan tur nganggo kuku macan pisan. Umahe sih ora patiya gedhe, ning kena darani ya gedhongan.
Tekane Pak Dulkamid katon kethurak-thurak, bebasan ringet mariwe-riwe, napas rebut rucun. Wong-wong sing agi pada ngrubung tepung gelang dewiyak, sengaja neseg kepengin maju arep matur karo Pak Lurah.
"Nuwun sewu, Pak Lurah. Mangke riyin. Kepareng kula ndherek matur sekedhap," gagianan baen Pak Dulkamid matur bareng wis neng ngarep. Rompine sing semu abang jambon katon ngegla ngalela jejeran karo wong-wong kabeh sing akeh-akehe mung pada slendhokan sarung utawa jarit.
Wong-wong pada nylinguk aring lurahe. Ngenteni. Sing dadi lurah mbatin, "Ana apa maning kiyeh...."
"Ana apa, Mid? Aja ngaget-ngageti. Kiye agi ana plekara sing kudu deputusna. Angger arep matur apa-apa ya mengko sebubare plekara kiye rampung."
"Nggih, Pak Lurah. Nuwun sewu. Niki malah kula ajenge lapur masalah sing kadose wonten hubungane kalih prekawis punika."
"Kepriwe? Ko arep lapuran masalah sing ana hubungane karo plekara kiye? Apa maning kuwe? Ko aja nambahi masalah. Kiye wis wengi."
"Mboten, Pak Lurah. Kula mboten ajeng nambahi masalah. Tapi niki pancen wonten hubungane kali prekawis punika."
"Sasah busah, apa maning kuwe. Ya wis..gagian aturna lapuranmu. Aja kesuwen."
"Nggih. Kados niki, Pak Lurah. Kula niki tembeke mawon wangsul saking Puraketa. Wong seniki taksih suasana lebaran dados nggih taksih rame sanget teng kota. Dalan-dalan sami kebek neng sepedha motor kaliyan mobil-mobil plat B. Parkiran teng pundi-pundi sami kebek. Dados kula nggih mboten saged wangsul radi sonten kados biasanipun. Nggih lumayan lah niki ngodene. Kula wangsul mawon niku parkiran jan taksih kebek. Dongen tah nggih duwit niku, tapi kula mpun kesel dados nggih wangsul. Parkiran kula titipaken dateng kanca kula. Dugi nggriya nggih sampun jam sementen. Lah..."
"Ngko disit. Ko oraha nggladrah kandhah werna-werna. Gagiyan mendi sing arep delapuna..Apa?"
"Nggih, nyuwun ngapunten, Pak Lurah. Kados niki. Kula wangsul teng griya, lajeng tiyang estri kula matur jere saweg wonten sidang teng bale desa. Tirose niku Nini Suminem kalih Nini Giyem sami regejegan padudon rebutan pitik anake Si Blorok ayame Nini Suminem. Mboten ndadak ngaso, langsung mawon kula ngebut motoran mburu teng mriki. Niki kebeneran sidange dereng rampung, dereng wonten keputusan. Mbangkanen sing ajeng kula lapuraken niki jan estu wonten hubungane kalih prekawis niku. Kados niki.
Griyane kula tolih caket kalih griyane Nini Suminem, mung keletan kebon pekarangan sing mung sejigrangan. Nini Suminem gadhah ayam babon sing aran Si Blorok. Senajan mung siji thil, ning jan pancen gawe susah tanggane. Senengane niku nembelek teng terase kula. Saben dinten. Mbangkanen teras niku saben esuk disapu bersih kalih tiyang estri kula, mangke awan-awan mesthi mpun pating pethutuhk niku tembeleke. Sontene lajeng desiram lajeng dipun pel. Niku-niku wau jan saben dinten. Napa memper, napa mboten gawe gela. Ajenge desambit kalih watu mbok dadi mala, mangke nggih tiyang estri kula sing mboten kepenak kalih sing duwe. Dejoraken baen malah mboten dadi pengertiyane sing duwe. Mbangkanen niku mboten namung Si Blorok-e Nini Suminem thok niku, ning nggih jagone Nini Giyem niki. Ayam kalih niku jan kaya-kayane koh seneng pisan niku nggulih dolan teng terase kula. Duko kepripun.
Lah, manut wadule tiyang estri kula, ayam kalih nggolih dolan teng terase kula niku mboten mung dolan andon nembelek thok. Jebule nggih sami pacaran, sami kawinan teng terase kula. Dados kula keraya-raya gagian mburu teng bale desa niki, niku kula ajenge lapuran kaliyan nyuwun pengadilan kalih Pak Lurah."
"Lapuranmu wis tek tampa. Banjur, pengadilan sing kaya ngapa sing dikarepena? Neng ngendi hubungane karo masalahe Nini Suminem lan Nini Giyem?"
"Kula nyuwun pengadilan. Kula nyuwun niku pitik rolas dipun bagi tiga, Nini Suminem sekawan, Nini Giyem sekawan, kula nggih sekawan. Wong niku nggulih kawin nggih teng terase kula koh. Dados nggih etung-etung nggo ganti rugi cokan nembelek teng terase kula. Mbok leres kula nyuwun kados niku?"
Wong-wong gubes. Nganah-ngeneh pada krisikan karo tanggane. Gemrengseng.
Nini Suminem mbareng krungu omongane Pak Dulkamid dadi mberek-mberek ora trima karo penjaluke Pak Dulkamid. Nini Giyem semono uga, kerdus sing isi pitik rolas kuwe gagian decekel, ceg kenceng pisan.
Pak Lurah sing delapuri meneng, ing semu kamilegegen.
***
(cerita kiye anu ngarang nggo sambungan ceritane kang Hari Widiyanto neng group FB GUYON BANYUMASAN sing irah-irahane Ngenteni Ndhoge Si Blorok)