Kaswad pancen kaget awit dina semana bojone babar siman ora gelem nemoni apamaning ngrungokena omonge. Malah nalikane Kaswad ndengkul matur njaluk pangampura neng ngarepe mertuwane, sekang njero bojone nyuwara sengak njaluk depegat. Dheg! Kaswad trataban atine, wedi mbok bapane mertuwa uga wis ora kepengin duwe mantu deweke. Mulane gagian baen Kaswad matur akeh-akeh ngarih-arih bapane mertuwa supaya melu ngrewangi kon kira bojone gelem aweh pangampura. Kaswad ndhadhani keluputane lan wani janji sumpah ora arep mindho ping telu mbaleni lakon sing wis keliwat. Kaswad kepengin bojone gelem bali, mbatiri Kaswad maning kaya wingi uni. Kaswad matur neng dunya kiye ora ana loro telu, kejaba bojone wanita sing ditresnani. Kabeh keluputane kuwe mung merga kalimput dening godhane wong lanang. Nalikane pamitan, Kaswad masrahna sekabehane aring mertuwane awit Kaswad ngreti, sing marakena ganu mertuwane nyekolihena anake wadon debojo dening Kaswad kuwe ya ora liya mung merga bojone kuwe pancen seneng tresna sekeliwat karo Kaswad. Dadi angger pancen egin tresna mesthi gelem mangampura, angger ora mangampura brarti wis ora tresna.
Bungahe Kaswad pancen sekeliwat. Sewengi ledheg ngrasa sepi langka sing dekeloni, Kaswad sing ora teyeng merem laten andon ngrungokena wayang neng radio. Dasar dalange Ki Sugino Siswocarito, lakone Petruk Gugat, wis..Kaswad malah melu nlangsani nasibe si Petruk sing ketundung lunga. Ora maido Kaswad sing tangine kawanen njuran ora krungu bojone mbukak lawang bali esuk uput-uput. Bungahe Kaswad dudu merga tangi nemu kopi, ningen bojone wis gelem bali. "Brarti megin tresna aring inyong", atine Kaswad ibing-ibingan. Kaswad unjal ambekan, landung pisan, bombong. "Orap tek baleni. Cukup sepisan baen" kaya kuwe batine janji sambi nyomot gorengan dages.
Dadi esuk kuwe Kaswad kaget tur bungah sekeliwat. Merga bungahe, gagian baen Kaswad aring pedangan nemoni bojone. "Nyong arep metu sedhela, ora suwe. Ngko labas aring wetan kali. Paling ya ora nganti jam sepuluh inyong wis bali." Sengaja Kaswad ora takon liyane nggo basa-basi, ujar-ujare tolih kon supaya ora krasa tes ana apa-apa.
"Ap ming ngendi janen, adus disit tolih" Bojone semaur karo ngulungna anduk.
"Lah ap nggone Mas Widi kae sing nembe bali sekang Batam"
"Ap ngapa sih? Arep njaluk melu aring Batam apa kepriwe? Ya nganah..LOSSSSSSS...inyong tah ap bali ngetan maning!" Bojone mbalangna soled, peraupane peteng mbesengut.
"Ora. Oraaaaaaaa.. Anu arep ana perlu semending. Sapa sing arep aring Batam. Wong lulusan SMP sih jegos ngapah. Ora, tenang baen. Sedhela ikih, mengko tolih inyong bali"
"Temanan orap aring Batam? Inyong wis mangampura rika, tapinen rikane ya mawia kakehan reka. Kaderan inyong trima ikih urip apa anane. Ya nganah, aja kesuwen. Kuwe arep ming wetan kali ap ngapa?"
"Lah ya orap ngapa-pa lah. Ya mung kepengin ketemu karo bapane"
***
Wis ana sewulan Kaswad kembul maning karo bojone. Esuk kuwe, jegang sikil udud nglepus nyanding kopi Kaswad cengar-cengir dewekan. Senajan mung detinggal seminggu, wingi-wingi kae Kaswad pancen krasa sepi lan banget kangene karo bojone. Sekiye mbareng bojone wis bali, jaaaaaaaaaannn..Kaswad katone sumringah, mbuh merga ana sing nggawekna kopi mbuh merga kepriwe. Wong ganu baen, agi dina bojone mbeke balii, sewise sekang wetan kali Kaswad sedina med ora metu sing ngumah. Aring bojone Kaswad ngomong lirihan, "Mumpung agi ora ana pegaweyan". Temenan, awan sedina, malah wengine ya Kaswad ora metu kloyong aring prapatan kaya biasane andon rubungan. Ya maklum baen sih, bojone wis bali.
"Kaswad..Oalah...Kaswad...Kaswad..." ijig-ijig ana suwara nyeluk deweke. Kaswad sing agi ngalamun kaget, mertuwane wadon teka! Kayane koh agi jengkel.
"Eh, nggih, Mboke..enten napa nggih?" kedamakan Kaswad ngeduna sikile, ngadeg marani mertuwane wadon.
"Ko kepengin apa bapamu kon melek unggal wengi? Kepengin apa bapamu kurang turu laten pilara? Gawe susah baen ko deneng yah.."
"Kepripun, Mboke? Anu kepripun niku?" Kaswad kebingungen.
Urung baen mertuwane wadon semaur, bojone Kaswad mencungul sekang pedangan. "Ana apa, Mboke? Esuk-esuk deneng rika wis mingeneh...abanku koh ana salah apa maning kang Kaswad?"
"Kiyeh..Ko takon dewek mengko. Takoni apa kepengin bapamu kurang turu kakehan melek wengi? Wong kon nginumi kopi baen mbuh pirang gelas sewengine..tiba esuke degawa turu tah..esuk-esuk tolih bapamu wis lunga aring sawah. Mbangkanen wong karipan. Apora dadi marakna prenyakit? Apa kepengin bapamu kon gagian mati apa kepriwe?"
"Celeh-celeh, deneng ngomong kaya kuwe mboke? Wis, aja ngomong sing gedug ngonoh. Rika malah meden-medeni angger kaya kuwe. Mengko inyong tek takon aring kang Kaswad. Sekiye rika ngaso baen nganah neng pedangan"
"Lah..inyong ap bali baen. Temenan kuweh. Takoni si Kaswad"
***
Kaswad sekiye bingung. Karepe kuwe kepengin gawe bungahe mertuwa, kon kira olih maning nganggo motore. Ora-orane arep mbaleni dadi tukang lawe-lawe, wong Pak Hadi juragane baen ya senajan ora ndukani wis ora gelem maning depeloni. Kaswad kepengin nyilih motore bapane agep dadi tukang ojeg. Pengalamane dadi tukang lawe-lawe, Kaswad ngreti sapa baen sing kira-kira bisa dadi pelanggane yakuwe wong-wong sing sering lelungan ning ora duwe sepeda motor dewek.
Mung baen koh begyane ngawak ora kaya liyane. Sepuluh CD wayang kulit rekaman lawas tahun 70-an anu ndadak njaluk tulung ngopi duweke Mas Widi sing mbeke bali sekang Batam, kuwe akhire ora nana kanggo gawene. Neng Mertuwane wadon decacag-cacag, derajang-rajang nganggo bendho kedhul. Mertuwa lanang mung meneng baen senajan krasa kelangan. Ya genah kelangan..anu lakon-lakon wayangane ki Sugino Siswocarito kelangenane koh. Mbangkanen sekiye mbuh sapa sing megin duwe rekamane wong genah kaset pita tolih gampang ilange gampang bodole. Pokoke kaya barang antik lah, ora saben wong duwe. Mbangkanen maning, Mas Widi sing duwe rekamane sekiyene wing mangkat lunga maning aring Batam. Arep njaluk tulung aring sapa jajalen?
Mertuwane wadon ora gelem delirih-lirih. Megin jengkel gara-gara Bapane ngrungokna wayang dur-duran unggal wengi, ora wedi mbok masuk angin dadi lara. Nalikane Kaswad nembung agep nyilih motor maning jere agep dadi tukang ojeg, bapane ora olih semaur. Sing semaur mertuwane wadon. Jere ora arep maning-maning nyilihna motor, wong anu wis tau ana kedadiyan sing ora ngepenaki ati. Angger kepengin dadi tukang ojeg jere kon gari utang baen kader sekiye njeprah ikih motor detawak-tawakena kon deutangi.
Kaswad agi bingung. Utang motor iloken wani apora yah?