Mohon tunggu...
KOMENTAR
Puisi Pilihan

Corona Oh Corona...

13 April 2020   21:46 Diperbarui: 13 April 2020   21:53 88 3
Dunya krasa wis tuwa, ketekan wabah, penyakit sing arane Corona. Tekane ora dinyana, gawe menungsa sengsara sa jagad raya. Awale sing Cina, saiki ngowak-ngawik mana-mana. Gawe was-was, gawe runtage dada, gawe endas tambah lara, gawe nelangsa ora sapa-ora sapa.

Tekane Corona nggawe lemes. Akeh wong pada nggrentes. Kabeh-kabeh ndadak apes, usaha apa bae krasane ngenes. Ditambah maning udane deres. Sendi ekonomi pada mlepes.

Corona medeni ngungkuli memedi. Ora katon tapi mbahayani, ewonan wong wis dadi korbane, mati. Corona, ngemutna menungsa, aja pada onggrongan. "Dunya wenang lunga, pangkat wenang minggat, umur mung gantungan, bojo mung silihan, anak-putu mung titipan".

Corona, nampek kecanggihan teknologine menungsa. Corona mbuyarna kedigdayaane menungsa, sing sering digembar-gemborna. Corona, gawekna pada temungkul kesombongan sing ana njero dada. Corona bener bener nyadarna, bahwa menungsa ora ana reka daya, ora kuasa.

Ora dinyana Ramadhan pan teka. Tapi Corona esih merajalela, gawe menungsa esih wedi karo nelangsa. Duh Gusti Dzat kang gawe makhluk sing arane Corona, muga qabulana hajate kita kabeh wong sa jagad raya. Ilangane Corona saka dunya, eben kulo bisa ayem-tentrem ngibadah kanthi khusyu, ora kepikiran macem-macem..

Marhaban Ya Ramadhan, Muga lunga adoh sira Corona. Maturnuwun sanget, pelajaran sing koen ajarna, maring kula, kita kabeh menungsa. Sung, tak sadari, menungsa makhluk ina, cilik, akeh dosa, ora ana daya apa-apa.

Imam Chumedi, KBC-028


KEMBALI KE ARTIKEL


LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun