Neng masjid enyong kroangan. Neng masjid enyong ngajak ibadah karo paseduluran. Neng masjid nyong ngenteni tekane wong sing pada iman. Neng masjid enyong ngejak pada madep maring Pangeran.
Watek sing gagahan, sok kemayu, sok gemagah, petingtang-petingting, pedigdag-pedigdid, petakilan, sementara tak uculna. Kanggo sedelat temungkul-sujud kanthi sempurna. Myembah maring Dzat Kang Maha Kuasa.
KEMBALI KE ARTIKEL