Mohon tunggu...
KOMENTAR
Puisi

Tangis Wengi

24 Mei 2023   05:28 Diperbarui: 24 Mei 2023   05:32 92 6

Mili banyu kali
Nyoso brebes mili tangisku wengi iki
Amergo kowe seng dadi gandule ati
Ning nyatane kowe nglarani ati sak jeru-jerune
Sampek ajor mumor rasane atiku wengi iki

Wengi iki udan deres tangisku
Amergo tresno seng tak jogo
Nyatane dadi rusak marang tingkahmu seng ora jelas
Kegodo karo ati liyane
Aku seng berjuang
Nyatane atimu tetep kecantol karo tresno liyane
Rasane ati iki ajur mumor
Sampek ambekan nyoso nyesek
Amergo kisah iki
Seng urong iso nglilakne
Mung seng tak ngerteni netromu seng ketok polos
Tuturmu seng ketok waras
Nanging nyatane pikirmu seng ora genah

Wes ajor rasane wengi iki
Wes ben tangisku kangge ngresiki atiku seng kelaran-laran
Aku kudu belajar ikhlas
Amergo jodo iku seng ngatur seng gawe dalan urep
Wes tak pasrahne kabeh marang Gusti Pengeran
Engkang moho kuaso langit lan bumi

Tangis wengi iki
Miline banyu eng netro seng ora iso nerimo kehanan
Ning aku tak sinau urep
Urep iku gak selamane bebungah
Ning zo kadang ono loro
Amergo urep iku koyok banyu mlaku
Manut karo dalane kali

KEMBALI KE ARTIKEL


LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun