Mimi lan Mintuno ora paham opo kuwi palentenan, mung jare kandane kancane palentenan kuwi hari kasih sayang. Harine wong sing duwe roso tresno, roso asih, roso sayang, karo roso-roso. Tapi Mimi lan Mintuno jelas ora paham.
“Lha ngopo kok ngenteni kudu tanggal kuwi to, Dab?”, pitakono Mintuno
“Yo mergo dino kuwi, dino apik. Dino sing duwene sejarah babagan kasih. Sing duwe yank, biasane menehi tondo tresno. Tondo sing buktike tresnane marang yank e!”
“Ooo, walah kok koyo bodho wae yo, Mi?”, takon Mintuno marang Mimi. Mimi sing ditakoni mung plengah-plengeh. Ora mudeng
“Yo bodho, bener. Bodho. Bodhone wong sing kasmaran!”
Jelas Mimi lan Mintuno ora mudheng. Pikirane buntu karo kandahane koncone kuwi. Neng pikirane mung isine pitakon-pitakon sing ngrambyang ora karuan.
“Bodho,. Bodho kuwi riyoyo utuwo lebaran, kurang luwih bodho kui artine wis bar, wis rampung. Yen bodho neng desaku berarti uwis rampung poso sesasi kukut terus sesuke mesti lebaran. Salam-salaman utowo halal-bihalal. Cilikanku sering karo ibuku dikongkon ater-ater panganan nang sanak kadang. Gunane kanggo ngraketke peseduluran. Mergo ono unen-unen pager mangkok isih kuwat songko pager tembok. Lha yen palentenan dipadhake bodho, opo mergo 11 sasi poso. Poso opo? Poso ora yank-yankan po ya? Lha ora ono bedane antarane poso karo ora. Aku karo Mimi saben dino yo yank-yank-ngan. Malah yen ra ketemu sedino wae tak anggep ora poso maneh, tapi sikso je. Ah, bener-bener gak mudeng tenan aku, Dik!”
Mimi lan Mintuno mung dadi korban. Korban informasi, jelase. Bocah loro sing biasane urip ono deso aduh songko kuto, aduh karo ambune informasi. Nganti-nganti sak mene wektune isih durung paham opo kuwi palenten. Kadang deweke mikir lan ngilang-ngilung unen-unen kuwi terus dirasak-rasake kok koyo merek sampho. Halah, weruhe tarah yo mung sampho mbok yo ben, sampo kae yo sing dadi bukti kasih sayang kok. Coba ora ono sampo, sirah Mimi lan Mintuno kebak karo tumo, korengen dadine malah ra bagus lan ayu.
Mimi lan Mintuno saiki neng kuto. Pengen urip mulyo, mergo jare nang kuto duwit koyo larahan, tinggal ngeruki wae. Tapi tetep wae bocah loro kuwi ora jegos carane ngeruk. Bayangane disik karo unen-unen “tinggal ngeruk” kuwi koyo ngeruk kletong sapi nang kandang sapi sing biasane dilakoni Mintuno saben esuk. Jebule ngeruk iki kudu nganggo coro, coro opo wae. Kudu duwe cekelan, kudu duwe aji-ajian. Kondone wong-wong sing dtemuni ajian-ajian kuwi mung loro, yoiku: betah isin karo betah wirang. Waduh yen ngene iki suwe-suwe kahanan kuto rak yo mung dadi rai gedhek kabeh. Raimu bukan raimu, terus raimu dimana? Hahaha. Mintuno lagi jajal bahasa nasional sing dicampur karo bahasa kampunge.
Nang kuto opo-opo eneng, awit barang koyo nang kampunge sampai koyo barang sing ora ono nang kampunge, nang kuto eneng. Awit cukil curek sampai cukil regete sikil yo ono. Ibarate koyo panganan, tinggal milih. Tapi yo kuwi, kabeh ora gratis, ora kari nyooh. Pengen ngulup bayem kudu ngetoke gambar kethek utowo manuk. Yen nang kampunge malah sebalike, entuk bayeme plus kon gowo munyuke. Yo piye maneh, tarah nang kuto ki yo koyo ngono. Yen kabeh gratis terus mengko rak podo nang kuto. Ora gratis wae podo kroyokan. Kuto memang ngedhap-ngedhapi tenan.
Saiki bocah loro pengen dolan. Dolan mergo jare iki dino palenten, sing kondange hari kasih sayang. Karep ati pengen ngumbah moto, sing dirasake wes meh butek mergo mendhelengi gawean sing ora ono enteke. Sopo ngerti nang dino kasihe lan sayange iki eneng barang gratis, yen ora gratis yo sak ora-orane murah lah.
“Nang endi leh arep dolan?”, mesti kuwi pitakone, ora ono cak-ceke. Ora perkoro waleh karo papan wisoto nanging memang ora mudheng babar pisan karo papan wisoto. Biasalah wong loro koyo bocah pingitan. Nanging sopo sing sudi mingit? Ora ono.
Nang pantai wae, ngingeti ombak sing lagi kejar-kejaran koyo wong gandrung kae. Selain kuwi, pantai angine yo isis, ngengiti langit sing katon biru koyo pangilone banyu segoro.
Pantai ramai tenang, koyo pasar malah. Bakul-bakul do pateng sliwer nawarke jajanan. Mbak-mbak lan mas-mas yo akeh. Ono sing nawake penginepan (lha isih awan kok wes nawake penginepan), nang tengahe segoro katon nelayan nerjang ombak sing gede banget. Koyo akrobat, pinter tur prigel nyetir perahu cilik. Wong-wong sing ono pinggir segoro mung podo deleng karo jepret. Embuh dikiro polahe nelayan kae tontonan paling. Wong mergae kok ditonton, kae toh nyowo. Anak bojone ngenteni balike nelayan sing lagi jempalitan ono antarane ombak.
Mimi lan Mintuno mlaku-mlaku nang pinggirane segoro. Jane pengen gandengan tangan nanging kok isih isin. Isin karo sopo? Ora eneng bapak-ibune, ora ono tonggo-tonggone, kok yo isih isin? Lha wong nang kiwo tengene yo podo gandengan tangan kanthi mesra. Nang pinggirane yo eneng sing podo jeguran karo gendhong-gendhongan. Ora usah isin kudune. Kabeh wis gowo aling-aling dewe-dewe kok.
“Jajan mas?”, taware bakul keliling. Jajane aneko warno. Umume cokelat, lan souvenir werno pink.
Bocah loro pengen tuku cokelat. Uwis suwe ora ngrasake rasane cokelat. Opo cokelat rasane isih cokelat? Kelingan karo jedhekane gurune pas jaman SD: rasa lan jenenge podo, opo jenenge? Konco-koncone ora ono sing ngerti termasuk Mintuno. Gurune terus matur barang kuwi jenenge cokelat lan sepet kambil, yen ora percoyo iki dirasake. Gurune ngekeki cokelat karo sepet nang murid-muride, ben ngrasake lan mercayake opo sing diomongke, yen cokelat memang rasane cokelat lan sepet kambil rasane tarah sepet. Muride podo nyokot barang loro kuwi kanti gentenan.
“Cokelat kalih”, Mintuno tuku cokelat loro, siji kanggo deweke siji kanggo Mimi.
Bungkus plastik dibukak, mak byak.
“iki opo, Mas?”, Mimi takon karo duduhke barang soko karet.
“Lah iki ngono plendungan alias balon”, kandane Mintuno
“Lha kok dicampur karo cokelat?”,
“Iki ngono bonus”
“Gunane?’
“Yo koyo plendungan kae to dik, disebul. Kene tak sebule!”, Mintuno bukteke yen memang kuwi balon sing koyo balon-balon di dol kanggo bocah cilik.
“Nah iyo to? Mung balon. Ki wis mlendung gedhe?”. Mimi mung mantuk karo mesem disambi mangan cokelat.
Balon diculake, miber nang angkoso. Kabur kanginan digowo semilir angin segoro. Balon sing tulisane “rasa nanas, yang bikin puas”. Bocah loro kuwi ngerti lan ora perlu ngerti kuwi saktenane balon opo mung balon-balonan. Wis kadung miber duwur, ngopo ndadak dipikir. Penting heppi to?...
kaha.anwar@gmail.com