Mohon tunggu...
KOMENTAR
Diary

Dijak Mbedhil Manuk Glatik Bapak

29 Mei 2021   17:00 Diperbarui: 29 Mei 2021   17:02 184 2
APA TUMON

DIAJAK MBEDHIL MANUK GELATIK

Dr Inu Wicaksana

Mincye bocah wedok umur 8 tahunan. Anake Mr Robert, 40 tahunan gurubahasa ing HBS Kediri. Mr Robert blasteran Indo Walanda. Dene bojone Jawa asli. Putri Kediri.

Anake loro, sing wedok umur 7 tahunan dene adine, lanang, isih bayi setahun.

Merga ngajar basa Walanda, Miencye wiwit cilik wis digladi basa Landa.

             Nuju sakwijining dina, Minggu  Mincye di ajak bapake mbedhil manuk gelathik ing pinggir kutha sing isih ana alase.

             Sakdurunge mbedil Mincye di weling : "Min, mengko yen aku arep mbedhil, kowe menenga supaya manuke ora miber"-

           Tenan. Rikala bapake nembe nginceng manuk gelatik, dumadakan Mincye omong:
         
           "- Pak! Daar zijnde Glatiks"-

         Sakala manuk gelatik kaget, banjur miber, mak bleber!!.

                  Bapake nesu. Banjur ngancam :

                 "Suk meneh nek tak jak mbedhil, cangkemu bakal tak plester nganggo "Lackband"-"

         Mulih, Mincye wadul karo ibune.

         Mestine ya nganggo cara Landha, ning tak Jawake.
        "- Buk, suk meneh aku wegah dijak mbedhil manuk glathik bapak. Luwih becik dolanan pasaran pa dhakon, pa bekelan ro kanca kancaku!"-

         "- Bener nduk. Kuwi bener lan pener. Dolana wae karo kanca kancamu sak pantaran"-

           Lha manuk kok dikira isa lan ngerti basa Walanda?. Hapa tumon? . ****

 (CUTHEL)
Dr Inu Wicaksana SpKJ, MKes
           


                 

         

             


KEMBALI KE ARTIKEL


LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun