Mohon tunggu...
KOMENTAR
Politik

Coblosan (Boso Jowo)

5 Juni 2013   09:30 Diperbarui: 24 Juni 2015   12:30 185 0

Suatu malam pencoblosan Bupati di warung kopi Mak Atin.

Paijo    : pripun mbah, mbenjeg bade mileh sing pundi?

Mbah  : golput ae le, gae opo ngurusi wong2 koyok ngunu!

Paijo    : loh kok ngoten Mbah?

Mbah  : iyo le, pemilihan jaman saiki pancen susah, g enek modal gede yoh g bakal dadi.

Paijo    : terus dampake nopo mbah?

Mbah  : dampake lak dadi yoh podo golek balek modale biyen, korupsi opo ae sing kenek dikorupsi.

Paijo    : jenengan kok pesimis ngoten toh mbah?

Mbah  : yoh nyatane sing disek-disek yoh ngunu iku, paling mben lak g enek bedane.

Ditengah pembicaraan datanglah “cucuk” (tim sukses) salah satu calon.

Mas Pi’i: assalamualaikum, wonten nopo niki kok ketingale seru?

Paijo    : niki loh mas, mbah Tukiyem bade milih golput mawon.

Mbah  : iyo Pi, kecewa aku karo pemerintah.

Mas Pi’i: kulo ngertos kok mbah, lak pemerintahan sakniki ewet sanget jogo kredibilitasipun, tapi kito dados warga nopo ngeh kudu meneng mawon, mboten purun partisipasi perubahan daerah kito niki!

Mbah  : lah nyatane pemerintahan disek yoh ngunu2 ae.

Mas Pi’i: kulo paham, calone sesuk niku mboten wonten garansine lak pemerintahane mbenjeng bakal bersih 100%, tapi jenengan kan saget nilai pundi sing lueh sae sakeng calon2 niku. Wonten ibarat mbah, malaikat mawon lak dados ten mriki bakal dadi setan, niku artine pancen ewet sanget jogo kredibilitas ten negoro niki.

Mbah  : lah yoh ngunu kok wong2 gelem nyalokno awake!

Mas Pi’i: sing nyalokno niku biasane pancen tiang sing gadah kepentingan utowo tiang engkang berjuang demi perubahan daerahipun. Lah niku kito sebagai warga kudu kritis moco calon niku wonten kepentingan pribadi nopo pancen kader perubahan.

Mbah  : mbuh ngelu aku ngeneki.

Mas Pi’i: ojo sampek lak sing dados niku tiang sing gadah kepentingan pribadi, mangkane niku peran jenengan  dibutuhaken sanget.

Paijo    : loh, ngoten loh mbah cik dados daerah engkang maju saget nyejahteraaken daerahe, partisipasi jenengan dibutuhaken.

Mbah  : yoh tak pikir2e sing temen, mugo daerah kito mben dipimpin pemimpin sing amanah.

Paijo + Mas Pi’i          : amin :D

KEMBALI KE ARTIKEL


LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun