Mohon tunggu...
KOMENTAR
Filsafat

Warawedha

27 Maret 2011   17:34 Diperbarui: 26 Juni 2015   07:23 485 1
Warawedha adalah lagu ciptaan sunan kalijaga, yang mempunyai artian yang sangat tinggi,dengan nada harmonisasi gending jawa yang begitu lembut dan syahdu.

teringat ketika saya waktu kecil mendengarkan lagu warawedha ini

1. Singgah-singgah kala singgah, pan suminggah kala-durga sumingkir, singa ama singa wulu, sing suku singa sirah, singa tenggak klawan kala singa buntut, pada sira sumingkira, muliha asal-ireki.
2. Ana kanung saka wetan, nunggang gajah telale elar singgih, kullahu marang bali kul, jim setan brekasakan, amuliha mring tawang-tuwang prajamu, eblise ywa kari karang, kulhu balik bolak-balik.
3. Na kanung kidul sangkannya, nunggang gajah telale elar singgih, kullahu barang bali kun, jim setan brekasakan, amuliha mring tawang-tuwang prajamu, eblise ywa kari karang, kulhu balik bolak-balik.
4. Na kanung kulon sangkannya, nunggang gajah telale elar singgih, kullahu barang bali kun, jim setan brekasakan, amuliha mring tawang-tuwang prajamu, eblise ywa kari kari karang, kulhu balik bolak-balik.
5. Ana kanung lor sangkannya, nunggang gajah telale elar singgih, kullahu barang bali kun, jim setan brekasaan amuliha mring tawang-tuwang prajamu, eblise ywa kari karang, kulhu balik bolak-balik.
6. Ambalik maring angganya, balik marang badanira pribadi, balik karsaning Hyang Agung, lelembut samya nginthar, tulak sarap samangkya ganti winuwus, arane sarap den ucap, sagung kama salah kapti.
7. Arane sarap kang lanang, kulhu putih wadone kulhu kuning, ywa wuruk sudi maring sun, lawan maring ki jabang, sarap wangke sarap wedang sarap awu, sira kabeh suminggaha, mul;iha kamulaneki.
8. Geger setan wetan samnya, anrus jagad kulon playuning dhemit, ing tengah Bathara Guru, tinuutup Nabi Sleman, daya setan brekasakan ajur luluh, ki jabang bayi wus mulya, liwat siratal mustakim.
9. Geger setan kidul samya, anrus jagad kulon playuning dhemit, ing tengah Bathara Guru, tinutup Nabi Sleman, eblis setan brekasakan ajur luluh, ki jabang bayi wus mulya, liwat siratal mustakim.
10. Ajiku Gajah panudya, kebo dhungkul brama rep sirep sami, sarap lelara puniku, asuwung canthung jagad, tuking mata lire mata manik ingsun, panahku sapu buwana, dadekna kusuma adi.
11. Tibakna mring jalma lupa, eling mengko eling embenireki, rahayu sa'umur ingsun, pratapan sun wus wikan, ingsun ngadeg satengahing samodra gung, palinggihku lintang johar, sasedya ingsun pasthi dadi.
12. Sun langgeng amuja mantra, pan jaswadi putra ing kodratmanik, jailah hailahu, Muhamad Rasullulah, salallahu ngalaihi wa salamu, wa ngalaekum wa salam, puniku pupuji mami.

*Dinginnya Soetta airport,28-3-2011*

KEMBALI KE ARTIKEL


LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun