Nek ra ngedan ora keduman
Sing waras sakjane wis ngalah
Ning njut badala kingkong
Kei ati, ngrogoh rempelo, tur ngidak sirah
**
Iki omonge wolak-walike jaman
Pandhita, prajurit, kan ratu rajane
Kakehan polah, tur cangkeman
Dipikir mung gur ngedan
Nanging badala kingkong, dipikir waras jebule edan
**
Iki omonge jaman notonegoro
Golek raja sing iso noto negoro
Noto cangkem wae nyatane raiso
Rai gedhek, Cangkem gedhe
Badala! Kingkonge ompong ilang dalane
**
Iki nyatane jamane satria paningit
Ketoke raiso opo-opo, nyatane ora opo-opo
Otot kawat, balung wesi, getih raja
Ono wong edan wedi ra keduman
Di pithes satrio, rajane jaman
**
Pendekar Solo
Note:
tidak terima terjemahan :P..boleh coba google translate :)