Mohon tunggu...
KOMENTAR
Puisi Pilihan

"Raup Awu"

6 Desember 2017   00:35 Diperbarui: 6 Desember 2017   14:47 446 1
Wayah iki arep raup
Durung suwe mau adus lan keramas
Kaya ana sing dadi penggawean
Aja-aja wis kangsenan karo demit

Mlayu ngetipleng kaya dioyak tawon
Mlebu bleng neng omah pawon

Wayah iki rumangsa kudu raup
Kudu kuwi wajib kaya uwis meh titiwanci

Nanging
Ana rega pokoke
Rena merga pekoke

Nemu ember dikira isi banyu
Njuk waton tangane mlebu
Raup uwis ora perlu nyawang

Lhandalah
Tobil nggeladrah!

Neng ember isine awu
Raupe nganggo awu
Rupamu, rupamu!

Wayah isuk simbah nesu
Awu kanggo dodolan kok malah kanggo raup

*******
6-12-2017  

KEMBALI KE ARTIKEL


LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun