Mohon tunggu...
KOMENTAR
Bola

Barcelona kudu seri karo athletic bilbao, xavi kecewa

4 Maret 2024   18:58 Diperbarui: 4 Maret 2024   19:15 57 0
Barcelona gagal olih poin kebek sawise imbang karo Athletic Bilbao. Xavi Hernandez kecewa Barcelona buang-buang kesempatan nganggo nugel jarak karo Real Madrid.
Barcelona tandang anjog San Mames stadione lawane(Athletic Bilbao), pertandingan dina Senin (4/3/2024) esuk-esuk WIB. Blaugrana kudu puas karo siji poin sawise imbang 0-0.

Padahal sedina sedurunge Real Madrid sing duwure klasemen pada bae gagal menang. Los Blancos imbang karo Valencia, skor 2-2.
Dadi hasil kie, jarak Barcelona karo Madrid ning klasemen Liga Spanyol tetep wolu poin. Barcelona sing due 58 poin ning urutan ketelu, mbuang peluang nyalip Girona (59 poin) sing sedurunge kalah 0-1 karo Mallorca.

"Dewek kangelen mlebu anjog permainan. Dewek katone ora paham pentinge menangna duel, ngindari tekanan," Omong Xavi ning situs resmine klub barcelona.

"Dewek ora main apik, dewek ora nyaman. Sing 15-20 menit penampilan dewek oke, tapi ora nggo luwihan pertandingan. Dewek kudu kritis ning dirine dewek karo butuh dandani angger pingin saingan."

"Kie adalah peluang sing sia-sia karo nyong kecewa. Tapi kudu selalu ana pertandingan kaya kie, ya wagu bae. Siji-sijine hal positif kue pertahanan dewek apik," Jere Xavi.

Hasil kie cukup mengecewakan para fans barcelona(cules), sing asline bisa bae nyalip real madrid karo girona ning pertandingan kie.


KEMBALI KE ARTIKEL


LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun