Mohon tunggu...
KOMENTAR
Puisi

Nggih Mbah

11 Maret 2011   15:34 Diperbarui: 26 Juni 2015   07:52 134 1
Nggèr, ing tembé sira nemahi tuwa. Wanciné metuné nyawa. Wajib nata mlebu metuné hawa. Wus peputu kasebut embah. Élinga manembah, élinga kang disembah. Ora gemagah kudu disembah. Urip tan léna ing pati, Nggèr. Aja kemlinthi. Pethitha-pethithi. Ngumbar birahi ngundang bilahi. Aja dumèh marang liyan. Aja asring grundelan. Tata tutur yèn matur, aja nyatur nilas tatu. Mundhak nambah satru. Yèn wus tiba titi pesthi pastining pati. Sira bakal ameruhi.

KEMBALI KE ARTIKEL


LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun